Minggu, 27 Juli 2008

SAUR MANUK

Penyakit Anyar!

Dening Sugito HS


Nyawang kahanan saiki, rasane, pengin banget ngguyu. Nanging kok sajake ya saru. Sebab, kudune ora diguyu. Kudune, dinalar nganti ketemu ing endi underane prekara sing njalari kahanan kaya ngene iki. Nanging, kuwi rak dudu gaweanku! Eh, anu…, ya gaweanku kok. Nanging, ora mung gaweanku. Sing mesthi, kuwi gaweane wong pirang-pirang, mligine, sapa wae sing gelem mikir. Nah! Ndilalah, saiki aku lagi emeng mikir. Dadi, aku pilih ngguyu wae.
Akeh sing lucu. Contone, sing kepetung isih anget, kanyatan pilkada Jawa Tengah wingi kae. Jagone patang pasang, sing milih pirang-pirang, mung sepasang sing menang, lan jebul sing golput (pilih ora nyoblos) gunggunge nganti patang-puluh persen. Gayeng ta!
Ana maneh. Nalika BBM mundhak, sing geger dudu rakyat. Tekan saiki isih akeh sing nuntut mudhune rega lenga marang pemerintah, nanging racake saka kalangan pengusaha. Nalika listrik-e digilir, rakyat ayem wae. Sing pating brengok malah wong-wong sugih, sebab sumelang yen bangkrut bisnis industri-ne. Nalika ana dum-duman BLT, sing udreg-udregan malah sing ora kecathet jenenge. Sing mlarat tenan malah meneng wae. Ragat mlebu sekolah selot larang, sing padha duwe anak ya anteng wae. Anake sing mung kari njaluk, malah rame dhewe. Saiki, ana partai calon peserta pemilu sing cacahe telung-puluh luwih, rakyat katone ya isih adhem wae, ora maelu.
Awake dhewe prelu sumelang hlo! Aja-aja masyarakat wis kena lara kronis lan kahanane kritis. Lara matirasa! Ora merga kelangan rasa kamanungsan lan banjur kaya kewan! Nanging, mbokmenawa, dina iki masyarakat wis ngrasakake juwareh tekan titik kulminasi. Juwareh ngulati polahe wakil rakyat sing angel diprecaya lan ora kena kanggo tuladha (sinaosa boten sedaya!). Juwareh krungu pambengoke mahasiswa sing dhemo turut dalan lan kanyatane ora kuwawa nyuda cacahe pengangguran. Juwareh nonton TV sing kakehan iklan lan berita wong pegatan. Juwareh maca koran, sebab beritane mung marakake trataban.
Hehe…, yen iki tenan, tegese, aku wis klakon ndheteksi penyakit anyar hlo! Penyakit Matirasa! Hla, saiki mung kari golek tambane. Mangga, kanca-kanca para dhokter padha mbudidaya gawe resep kanggo nambani penyakit anyar (matirasa) kuwi mau. Sebab yen nganti kedlarung, bisa nyilakakake bisnis politik ing Indonesia. Partai-partai kuwi bakal mrithili mbaka siji yen wis ora duwe simpatisan merga rakyat kena lara matirasa. Para juru kampanye kae bisa linglung ing panggung yen rakyat kena lara matirasa. Semono uga, para calon legislatif bakal bingung golek cara nglungguhi kursi hlo! Isih sokur begja kemayangan dene masyarakat Yogyakarta isih preduli marang ombyake kahanan. Isih maelu marang timbul-sileme prekara RUUK. Isih gelem lan seneng nyetel tape utawa radhio, ngrungokake klenengan mat-matan, kethoprak, utawa wayangan. Alhamdulillah!
Dimuat di Harian Jogja, Minggu Legi, 27 Juli 2008.

Tidak ada komentar: