Sabtu, 11 Juli 2009

GEGURITAN

NALIKA NYIDRANI ATI
Esti Meiningsih


wengi saya nglangut
wayangan dosa saya cetha
nanging panggah isih ana pangajab bakal tumekane
dina-dina kang endah
ana esem sing bisa ngipur ati

jagate peteng
panyawang blereng
laku kandheg
ora kuwawa ngampet

ana maneh wayangan sing ngegla
sing satemene kudu dilarung
dudu ing sungapan iku
mung cukup ing esem sing bisa nglipur ati
tanpa nggegetun sing wis kawuri

isih ana pangapura
ing sangarepe dhampar pamujan suci
sing bisa madhangi ati


Purworejo, Nopember 2006

Tidak ada komentar: