KIDUNG ARANG KRANJANG
Sugito HS
wingi esuk ana wong wadon nangis: lara atine
koktinggal lunga marani wong wadon seje
wingi awan ana wong ayu ngguyu: sumringah bungah
koktimbangi tresnane
sumpahmu ditampa ngono wae
wingi sore ana bapak nglumpruk: nglolosi bayu-otote
dongane kabul nanging lali
ora ngatutake kowe
mau bengi ana ibu ngampet ngantuke: nguntapake
budhalmu
anak ontang-antinge
saiki: esuk iki
wong wadon sing nangis wingi: bungah
bojone mati netepi darmane
saiki: esuk iki
wong ayu sing ngguyu wingi: njerit sakayange
nyawang kunarpamu
eling sumpahmu
eling wijimu
noleh wanita ing sisihe
saiki: esuk iki
bapak sing getun wingi: mbranang mripate
gumregah jejeg adege
mijil prasetyane
saiki: esuk iki
ibu sing durung turu wiwit wingi: tiba kantaka
ditinggal gugur putrane
saiki: esuk iki
aku takon marang Dhalang: sapa sing mateni Kowe?
Bandung, September 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar