OLIMPIADE OLAH RASA
Sugito HS
Seminggu kepungkur, pesta olahraga dunia (olimpiade) sing taun iki diundhuh ing Beijing, mentas wae rampung. Senajan sing nglumpuk lan adu katiyasane raga ing kana iku mung atlet-atlet pilihan saka negarane dhewe-dhewe, nanging sing rumangsa melu ngrasakake gayeng-regenge pesta iku sajake ora kena diwilang, wong sajagat-rat ora gelem keri. Ramene crita sinetron klakon kalah karo tayangan bulutangkis. Gayenge wong surak nonton karnaval mengeti pitulasan, kalah katandhing karo aloke suporter bal-balan, senajan mung nonton ing TV, tur ijen.
Pesta tenan. Wong sadonya melu duwe gawe. Lanang-wadon wis ora ana bedane. Surak bareng, ngekek bareng, aweh panjurung marang atlet idolane. Gumyak. Jagate sumringah. Jebul eram tenan sing jenenge olahraga iku, tumrape wong urip.
“Aku trima ora kumpul bojo dhisik kok, Dhik, tinimbang ora nonton tim Jerman,” blakane Mas Joko marang aku ngenani kekaremane nonton sepak bola. Elok tenan katebane atine. Kamangka, saben esuk aku ya durung nate weruh Mas Joko tangi mruput, banjur mbukak lawang ngarep, lan lari pagi utawa apese mung mlaku-mlaku ing sakiwa-tengen perumahan. Apa maneh nendhang bal. Takjamin rongatus persen, dheweke ora bisa bal-balan. Yen ndumpali anake, embuh.
Senajan mung bisa alok lan ora kuwagang tombok, nyatane akeh wong sing kaya Mas Joko, tanggaku nunggal lurung sing tangine ajeg awan kuwi mau. Saben dina wacanane tabloid olahraga, saben wengi tontonane Liga Eropa, nanging ya tetep wae ora keconggah ngolah ragane. Cekake, olahraga kuwi saiki sajake mung penting kanggo hiburan. Ora prelu dilakoni dhewe. Cukup diwakilake marang atlet wae. Awake dhewe kari lungguh kepenak ing sofa karo nonton liwat TV. Wis ora prelu mrinci gunane olahraga tumrap kesehatane awak. Sebab, saiki, fungsi utamane iku kanggo tontonan. Dadi hiburan sing bisa nyapih ati. Supaya lali yen reregan apa-apa satemene larang. Uga supaya lali yen satemene kahanan politik pijer gawe sumelang. Eram tenan! Tur ya eman tenan!
Mangkonoa, ya tetep kudu padha melu bungah, mangayubagya, dene atlet-atlet Indonesia, mligine tim bulutangkis wis klakon mboyong medali emas ing olimpiade Beijing. Uga, wis samesthine awake dhewe tansah muji sokur dene donyane olahraga tetep grengseng, senajan mung lagi minangka tontonan.
Sing luwih wigati, sesuk esuk iku awake dhewe, suwene sawulan, bakal duwe gawe ngadani pesta olimpiade olahrasa. Sesuk esuk wis mlebu wulan Ramadhan, sasi Pasa tumrape wong Jawa. Muslim sajagat bakal nindakake pasa, sing mesthi wae, ramene ora kalah karo olimpiade olahraga. Senajan ing kene sing diolah genti rasane. Uga ana medaline, senajan dudu emas, perunggu, utawa perak. Sing di-adu uga beda, mesthine meneb, heneng, lan heninge rasa sing kuwawa njalari mantebe ati kanggo njangkahake sikil, mbacutake laku, ngetutake jantrane lakon ing alam donya.
Selamat, marang atlet olimpiade olahraga sing menang lan klakon antuk medali emas. Aja sedhih sing mung oleh medali perunggu. Aja gela sing mung oleh medali perak. Semono uga kudu legawa sing mulih ora nggawa apa-apa.
Lan saiki, ayo bareng genti nggayengake olimpiade olahrasa. Muga-muga Pangeran tansah betah paring kanugrahan. Saengga ing pungkasane wulan Ramadhan mengko, awake dhewe antuk “medali” sing ajine ngungkuli emas, perunggu lan perak. Muga-muga. Amin.
2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar