Rabu, 07 Oktober 2009

SEKAR MACAPAT

SUNGKEMAN
Sekar Macapat Dhandhanggula
Ki Wasidi


Rama Ibu kang luhuring budi
ingkang hangukir jiwa lan raga
kang agung pangurbanane
paring pituduh luhur
rina wengi tansah angesthi
mrih rahayuning putra
lulus kang ginayuh
sadaya ribed rubeda
linambaran kanthi sabaring penggalih
tuhu pantes sinembah

kadya sinendhal rasaning ati
nampi sungkeme putra sajuga
tumetes deres waspane
tan kuwawa ing kalbu
ngondhok-ondhok rasaning galih
alon ngandikanira
dhuh angger putraku
sun tampa panyungkemira
muga-muga antuk berkahe Hyang Widhi
nggonira jejodhowan

piwelingku aja nganti lali
anggonira mbangun bale wisma
runtut atut sakarone
adohna tukar padu
tansah eling sabaring ati
kuwat nampa panandhang
tan gampang amutung
dadiya tepa tuladha
uripira migunani mring sesami
hayu-hayu pinanggya

Jogja, 2009

Tidak ada komentar: