Senin, 14 Juni 2010

GEGURITAN

WEDANG TRESNA
Sugito HS

iki kalodhanganku
nyruput wedang suguhanmu
sepisanan

takcoba ngeling-eling
kenthele kopi Magetan
legine teh Kepatihan Wetan
lan kumepyare jahe Karangmalang

nanging tumrape priya
ketaman asmara
kenthel legi lan kumepyar
bisa krasa saka
banyu tawa kinanthen
esem prasaja
kenya desa

Wonosobo, Januari 2010

Tidak ada komentar: