Senin, 27 Desember 2010

(Contoh Teks Sesorah) SATRIYA JAWA



Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Pakurmatan konjuk dhumateng para kadang kakung-putri, kadang sepuh, kadang mudha, ingkang tansah winengku karaharjan. Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun anjejer, matur ing ngarsanipun panjenengan sadaya, inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan citranipun kapribaden manungsa lelandhesan woding kabudayan Jawi.
Para kadang ingkang sinuba panakrami.
Kinarya murwakani jangkepipun andharan, sumangga kula lan panjenengan sadaya ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumintuning kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Sahengga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti sakawit, ing kalenggahan menika, kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal manunggal, nyawiji,  jinangkung karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda, nir ing sambekala. Amin.
Salajengipun, keparengna kula nyekar sapada Mijil, sinaosa namung mrica kecut, sauni-uninipun.
poma kaki padha dipuneling
ing  pituturingong
sira uga satriya arane
kudu anteng jatmika ing budi
ruruh sarwa wasis
samubarangipun

Cakepan kapethik saking Serat Wulangreh; pupuh Mijil; pada 1.

Para kadang ingkang sanityasa winantu karaharjan.
Asring kapireng, satriya menika sirik netesaken luh. Menawi mekaten, menapa watak satriya menika inggih watak ingkang kiyat boten nangis utawi kiyat ngampet ilinipun luh? Lan, menapa nalika mripat-kula mbrebes mili awit saweg ngrajang brambang menika lajeng kecalan watak satriya?
Ing jagating wayang, Arjuna menika satriya. Dursasana ugi katelah satriya. Pokokipun, uger anak-turunipun ratu menika tamtu satriya. Kamangka, para prajurit TNI menika ugi sinebut satriyaning nagari. Para pahlawan ingkang sampun gugur ing palagan inggih dipunwastani satriyaning bangsa.
Jebul satriya menika peranganipun kathah, ketingal ruwet. Pramila kula badhe ngajak Panjenengan, nyobi negesi satriya mawi cara prasaja kemawon.
Adhedhasar cakepan Mijil ingkang sampun kula sekaraken kala wau, jebul tiyang ingkang sinung pangkat satriya menika sinampiran kuwajiban. Ingkang sepisan, kedah anteng jatmika budinipun. Kaping kalih, kedah ruruh. Kaping tiga, kedah sarwi wasis ing samubarang reh. Lan taksih wonten malih, ing pada kalih, gatra sepisan kaserat: sarta nedya prawira ing batin.
Ing bausastra, tembung “satriya” menika tegesipun ‘tiyang luhur’. Tembung “anteng” menika tegesipun ‘boten rongeh’ utawi ‘boten kekathahen polah’. Tembung “jatmika” menika tegesipun ‘tindak-tanduk ingkang nuhoni tata-trapsila. Tembung “ruruh” menika tegesipun ‘sareh’; ‘alon’; utawi ‘praen ingkang katingal tumungkul’. Tembung “wasis” menika tegesipun ‘pinter. Lan taksih ing bausastra, tembung “prawira” menika tegesipun ‘kendel’.
Para kadang sumitra.
Kanthi mbundheli andharan sekawit, estunipun, nggayuh drajad satriya menika gampil. Saratipun boten awrat. Sauger anteng-jatmika, ruruh, wasis, lan prawira, sampun ingaran satriya. Nanging, menapa inggih anteng-jatmika menika tegesipun namung mlaha ora kakehan polah mekaten kemawon? Menapa inggih ruruh menika cekap dipuntegesi ulat sing tumungkul mekaten kewala? Menapa inggih wasis menika cekap dipuntegesi bakune pinter? Menapa inggih prawira menika cekap dipuntegesi watone kendel?

Para kadang.
Anteng-jatmika kacetha werdinipun tindak-tanduk ingkang nuhoni tata-trapsila. Simbah asring ngendika, ”Sing sapa nandur bakale ngundhuh, sing sapa utang bakale nyaur, sing sapa becik bakale ketitik, sing sapa ala bakale ketara, sing sapa cidra bakale cilaka, sing sapa tekun bakale tekan.”
Kanthi dhasar menika, sok sintena ingkang kepengin nggayuh kabecikan inggih kedah mawi sarana pakarti ngatos-ngatos ing pasrawungan kanthi tatakramanipun basa lan tumindak.
Lajeng, kados pundi jlentrehipun pakarti ruruh? Ruruh menika kacetha nunggal teges kalihan sareh. Nah, kosokwangsulipun sareh menika kemrungsung ngangsa-angsa. Dugi ing ngriki, kedahipun kula lan panjenengan lajeng kemutan dhateng wekasipun simbah ingkang jlentrehipun: alon-alon waton kelakon. Kenging menapa kedah alon-alon? Sebab, kebat asring kliwat, ngangsa-angsa dadi brahala.
Inggih jalaran kasunyatan ingkang mekaten kala wau, pramila, ruruh menika boten sanes inggih sarehing manah ingkang tansah ngugemi eling lan waspada. Pakartinipun inggih ngatos-atos ing tumindak kanthi nyuda pepenginan. Sebab, inggih maneka-warna pepenginan menika ingkang saestu njalari manah boten sumeleh, ucap galap-gangsul, lan tumindak ingkang sarwi kemrungsung.
Dene salajengipun inggih wedharanipun wasis. Simbah nate ngendika, tiyang ingkang sarjana utawi pinter badhe dados durjana menawi boten sinung watak sujana utawi wicaksana. Sujana menika saestu badhe migunani tumraping liyan sinaosa sanes golonganipun sarjana.
Tiyang dhusun ingkang kuthung ing kawruh bangunan, nanging idhep dhateng tangga-tepalih, badhe langkung migunani tinimbang sarjana teknik sipil ingkang individualis. Cekakipun wasis menika inggih pakarti ingkang remen mbantu asanes jumbuh kalihan kasagedanipun.
Dene ingkang pungkasan, kados menapa caranipun negesi prawira? Prasaja kemawon. Ing jaman samangke kathah tiyang ingkang kendel padudon, kendel cecengkahan, kendel bengkerengan, kendel milara asanes, kendel ngapusi liyan, kendel nglepataken kanca. Nanging, sinten ingkang kendel legawa ndhadha kalepatanipun piyambak? Kamangka simbah asring meling, ”Aja seneng tudang-tuding, nanging gelema noleh githokmu dhewe!”
Cekap semanten. Mugi kenging kangge tetimbangan. Cacading basa, kiranging trapsila, kula nyuwun pangaksama. Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.  

Tidak ada komentar: