Kamis, 12 Maret 2015

teks sesorah koleksi taun 2013



sampun nate dipunpigunakaken ing sayembara sesorah siswa SMK/SMA taun 2013

Kabudayan Jawi Sanes Klangenan
kaserat dening Sugito HS


Assalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Nuwun, para Kadang kakung lan putri. 

Kula ngaturaken sugeng enjing dhumateng Panjenengan sedaya.

Alhamdulillah dene Gusti sang Maha-Rahman tansah nandukaken kawelasanipun dhumateng kula lan Panjenengan sedaya, titahipun ing jagad padhang. Alhamdulillah dene Gusti sang Maha-Rahim sanityasa paring asih-tresnanipun tumanduk dhumateng titahipun ingkang netepi budi utami.

Para Kadang kakung lan putri.
 
Ing kalodhangan menika kula nyuwun lilah badhe matur, mbabar gagasan ngengingi sejarah. Kaprahipun, menawi wonten tiyang ingkang ngandharaken sejarah menika sinebut ndongeng. Nanging ing riki tamtu kemawon badhe kaladuk kirang dedugi, nerak tatakrami menawi kula lajeng ndongeng. Menapa malih ingkang kula-dongengi menika Panjenengan, ingkang kacihna langkung sepuh ing yuswa lan langkung pana ing samukawising kawruh.

Pramila kula boten badhe ndongeng, boten badhe ndongengi Panjenengan. Namung badhe ngajak Panjenengan ngudhari werdining KALA. Kala menika dasanamanipun wektu; wekdal; mangsa; waktu; masa. Kala menika pinerang dados tigang tataran, inggih menika, ingkang sepisanan winastan mangsa lalu utawi wekdal kapengker, lajeng mangsa samangke utawi wekdal samenika, lan ingkang pungkasan winastan mangsa benjing utawi wekdal ngajeng.

Mangsa lalu sampun kalampahan. Pramila ugi sinebut mangsa kawuri. Dene mangsa samangke saweg linampahan. Lan mangsa benjing saweg badhe kalampahan.

Ing mangsa lalu wonten idealisme utawi gegayuhan luhur cakrik lawas, inggih cengkokipun para leluhur. Wonten ingkang sampun kelampahan ginayuh. Wonten ugi ingkang dumugi sepriki dereng kacihna nyatanipun. Ing wekdal samangke wonten realitas (kanyatan) ingkang lumampah lan linampahan dening kula lan Panjenengan. Kaprabawan dening realitas menika lajeng kula lan Panjenengan ngronce gegayuhan utawi idealisme cakrik enggal, inggih cengkokipun generasi anyar ingkang saben dinten tansah ingeja ing salebeting donga panyuwunan-kula lan Panjenengan sedaya nalika tumungkul amarikelu ing pasujudan.

Saben dinten kula sampun dinongengan endah-edi prayoginipun alam idealisme lan realitas kabudayan ing bebrayan Jawi jaman rumuhun. Awit saking dongengan endah menika kula mbundheli pamanggih, nduduti pamikir bilih wekdal samenika, kanyatanipun; realitasi-pun ing bebrayan Jawi saestu kothong; garing saking gegayuhan luhur. Saben dinten lan saben tiyang prasasat tansah ngalembana edining mangsa lalu sinartan nandhingaken kalihan kawontenan jaman samangkin ingkang sarwa-sarwi modhal-madhul, bedhah-suwek-bolong datan darbe pethingan budaya.

Sekathahing panuding namung tumuju dhateng bebrayan Jawi mangsa samangke ingkang tinelakaken asor tan nulad para luhur. Ana sing alok basa Jawa saiki jare rusak, jare sastra Jawa wis mati, jare budaya Jawa mung kari crita. Kathah ingkang nuding bilih bocah saiki wis ora ngreti Jawa, ora dunung marang Jawa, ora weruh marang Jawa, wis dudu wong Jawa.

Kula ingkang kalebet golonganipun ingkang tinuding, golonganipun ingkang dinakwa, boten saged murina, boten saged gregah nesu amuk-amuk, sagedkula namung sedhih, ngrumaosi kewirangan, ngrumaosi awon lan ina. Nanging kula pribadi boten milih sedhih. Kula milih ngregah ngadeg lan mbengok sora ngeja parikan lawas: klemben klemben, roti roti/ biyen ya biyen, saiki ya saiki. Sebab inggih namung menika ingkang saged hanyembuh raos tetegkula supados saged ngrapal mantram, rumagang tumandang, mbudidaya amrih boten ngantos duraka dhateng kabudayan Jawi nanging boten kedah awrat ginondhelan idealisme mangsa kawuri. Sebab kula ugi gadhah idealisme ingkang thukul saking muluring nalar lan melaring raos-kula awit saking nglampahi realitas kabudayan Jawi ing wekdal samangke.

Para Kadang

Boten prelu nandhingaken elokipun serat-serat kasusastran wedalan Tepas Kapujanggan jamanipun Yasadipura kalihan layang-layang kasusastran wedalan jaman samenika menawi kula lan Panjenengan nedya njejegaken adegipun sastra Jawi. Ingkang dipunbetahaken inggih namung kridha taberi nulis, waton boten namung sregep nulis SMS kemawon.

Boten prelu nandhingaken edining swasana wawan pirembagan ing Paheman Radyapustaka nalika jamanipun Ranggawarsita kalihan swasana diskusi ing kalodhangan mirunggan seminar lan workshop kabudayan Jawi ing jaman samangke menawi kula lan Panjenengan gadhah krenteg ngumbulaken gendera-ronteking basa Jawi. Ingkang dipunbetahaken inggih namung tuwajuh memanuh srawung kanthi greget patembayatan, waton boten mligi nggadhang pangalembana kemawon. Sebab, basa Jawi menika raga, dene jiwanipun inggih menika solah-slaga ingkang netepi tatakrama.

Ing riki kula kepeksa mbengok bilih basa Jawi menika sanes paesan! Sastra Jawi menika sanes sandhangan. Kabudayan Jawi menika sanes klangenan
 
Basa Jawi menika ragakula lan Panjenengan. Sastra Jawi menika jiwakula lan Panjenengan. Kabudayan Jawi menika jiwa lan raga. 

Emanipun, jiwa lan raga menika kalamangsa asring tanpa aji sinaosa mawi regi.

Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh

Tidak ada komentar: