Kamis, 12 Maret 2015

wahyan "Kembang Setaman" seratanipun Sugito HS



Mulat Sarira Angrasa Wani


            Tembung ‘wani’ menika sajakipun sansaya kecalan teges. Kenging kangge tuladha, upaminipun ing ukara “Apa kowe wani mungsuh aku?” utawi ukara “Aku ora wani nandangi pakaryan iki”. Ing tuladha kalih ukara wau, tembung ‘wani’ menika dipun-gayutaken kalihan kekendelan jumangkah maju. 

            Pitakenankula: kok sampun langka tembung ‘wani’ ingkang dipun-gayutaken kalihan kekendelan jumangkah mundur utawi kekendelan mandheg (boten maju lan boten mundur)? 

            Buktinipun sampun kathah. Saestu sampun langka kepireng wonten tiyang ngendika “Aku wani ngakoni yen aku salah” utawi “Aku wani mundur saka jabatan iki” utawi ukara sanesipun ingkang nelakaken raos wantun ndhadha kalepatan tuwin wantun mikul menapa kemawon ingkang mujudaken wohing pakarti. 

            Sajakipun “angrasa wani” menika sampun pisah kalihan “mulat sarira”. Sajakipun, sauger sampun rumaos wantun, salajengipun boten prelu mulat dhiri. Pramila, samenika kathah ingkang kulina waton saguh lan pepuntonipun boten jedhag nandangi. Sampun kaprah tiyang janji menika gampil anggenipun mblenjani. Malah raos wantun menika sampun dados gaman ingkang mbebayani lan nggegirisi.

            Meh saben dinten wonten warta kriminalitas ingkang estunipun namung kajarag saking agengipun raos wantun ingkang tanpa mulat dhiri. Kathah tiyang ingkang kaladuk tumindak milara utawi malah mejahi (nyilakani) tiyang sanes tanpa ngrumaosi bilih piyambakipun mangke mesthi boten kiyat nampi pidana gesang ing pakunjaran. 

Kathah tiyang kaladuk saguh dados pangarsa jebul tanpa legawa menggah sepinten awratipun ngesuhi tiyang ingkang atusan, kepara ewon cacahipun, lan manekawarni watakipun, Saengga pepuntonipun kawantunanipun mangarsani menika namung malah sansaya mimbuhi ruwetipun kawontenan. Semantena, inggih taksih boten gadhah raos wantun kangge jumangkah mundur utawi ndhadha kekiranganipun. 

Kula malah jubriya, menapa para tokoh ingkang sami pasang iklan politik menika inggih sampun mulat sarira satemah angrasa wani? Menapa inggih namung waton sangu wani kemawon, tanpa mawi mulat sarira

Iba saenipun menawi lajeng sami purun negesi “mulat sarira angrasa wani” menika kanthi prasaja, inggih menika: tahu dhiri. Gamblangipun, raos wantun menika prayoginipun kawiwitan saking muluring nalar lan menebing batin ingkang sampun ndungkap mangretosi dhiri pribadi, komplit menggah sae lan awonipun; kirang lan langkungipun; sembada lan botenipun; lan sanes-sanesipun.

            Sampun ngantos raos wantun menika tuwuh namung kajarag saking manah ingkang nembe butheg lan nalar ingkang nembe ruwet. Menawi mekaten menika, ateges namung raos wantun ingkang tanpa wewaton, saengga asring njalari ubaling angkara-murka, nuwuhaken bebanten, lan tamtu ngrisak tataning ngagesang.

            Sumangga sesarengan memuji, tansaha pinaringan kekiyatan kangge mulat sarira saengga boten ngantos kalepyan dhumateng jatining dhiri. Lan sumangga sesarengan tansah nggladhi dhiri supados tansah ginadhuh raos wantun kangge nglegawani kekirangan lan kalepatan saengga lila ngandhap-asoraken dhiri ing salebetipun pasrawungan.


kaserat ing Yogyakarta taun 2008

Tidak ada komentar: