TEMTREM VS MAREM
Sugito HS
Nuruti rasa marem pancen abot sanggane. Ora beda karo nuruti panjaluke bojo sing lagi ngidham. Ora idhep wayah, ora idhep papan, ora idhep kahanan, lan ora idhep nalar. Sing ana mung rasa kadereng. Sing dilakoni mung jumangkah maju. Kaya-kaya ora ana tembung nglengkara. Anane mung sarwa bisa, sarwa kena, lan mesthi sarwa ana.
Tuladhane gampang, wayah dudu wayah, wancine jam rolas bengi pengin mangan sega pecel. Mangka, omahe adoh ing Gunungkidul pojok paling kidul. Ora idhep dalan peteng, ora idhep hawa adhem, nekad wae mbukak lawang, metu saka omah, nurut dalan, nggoleki warung sega sing isih bukak. Cetha wis ora nganggo nalar. Upama ana warung mbukak, mokal ana sega pecel. Tan wurunga, tibane mung oleh kesel lan rasa cuwa.
Iki ora beda adoh karo lelakone saperangan para “kinacek” sing kaya lagi ungsum, padha seneng “selingkuh”. Yen dinalar, ora kurang bandha-donya, nanging rasa marem pancen durung karuwan ana. Bojo ora kurang setya, nanging sapa ngerti pengin sing liya. Kluwarga ora kurang tentrem-ayem, nanging durung mesthi marem.
Pancen ora nalar. Nanging iki prekara rasa. Ateges, prekara nuruti rasa marem iku ora kena disepelekake. Yen nganti ora keturutan, bisa njudhegake pikir. Kepara, malah bisa kenthir.
Nanging upama dinalar, marem sing klakon keturutan iku apa ya mesthi sinartan rasa tentrem? Upama kasil ngapusi bojo, durung karuwan bisa ngapusi tangga-teparo. Upama bojo lan tangga teparo ora ngreti, tangeh lamun babar pisan ora ana sing weruh. Sadalan-dalan anane mung rasa sumelang, aja-aja mengko konangan. Kepiye olehe tentrem?
Angel! Yen ora duwe bojo iku cetha kleru. Menawa duwe bojo, durung mesthi kepeneran, mangka pilihane dhewe. Rumah tangga rukun, durung mesthi marem. Ora duwe anak ora marem. Duwe anak akeh, ora tentrem. Mlarat ora marem. Sugih ora tentrem. Arep poligami wae mungsuhe emansipasi. Sing arep poliandri cetha ora bisa. Mangka, kudu tentrem, kudu marem.
Pancen sok angel tangguhe. Dununge marem iku sok-sok tanpa kinira, mung mapan ing kiwa-tengene dhewe. Embuh kanca, embuh sapa, uger bisa kanggo papan numplak pisambat, papan asok kawigaten, lan papan andum bungah, jebul ing kono iku dununge rasa marem, senajan ora nuwuhake tentrem.
Mbokmenawa pancen wis pinesthi yen tentrem lan marem iku mesthi ajeg bakal tarung ing palagan bebrayan. Mbokmenawa ora bakal bisa ginayuh bareng. Utawa, mbokmenawa mung awake dhewe sing kurang sabar. Utawa, mbokmenawa awake dhewe sing kurang muji sokur: mburu uceng kelangan dheleg. Ngoyak-oyak marem kelangan tentrem. Mbokmenawa.
Jagad Jawa, Harian Jogja, Minggu Pahing, 8 Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar