Rabu, 11 Juni 2008

Saur Manuk

BBM (Bola-Bali Mundhak)
Sugito HS

“Bensin mundhak meneh, Mas,” ngono sambate bakul sawi ing pasar sing dagangane coba taknyang jalaran regane mundhak. Takkira ora mung Yu Sayem, bakule sawi, sing sambat kaya ngono. Kabeh bakul mesthi padha, koor. Malah ora mung para bakul. Pegawe negri wae meksa sambat. Apa maneh pegawe honorer. Apa maneh wong tani. Apa maneh mahasiswa. Apa maneh pengangguran. Cilaka.
Yakin. Sing ora sambat takkira mung para menteri lan anggota DPR kok. Upama pepuntone mung arep melu-melu sambat, rak mesthine ora bakal sida diundhakake. Upamane kepeksa sambat, paling-paling ya mung lirih utawa sethithik. Ora bakal ngentekake gajine sawulan.
Embuh bisa diarani kawicaksanan (kebijakan) apa dudu, sing baku iku urusane wong pinter. Sing cetha, undhake rega BBM iki wis barang mesthi ngowahi sakabehane. Mligine ngowahi reregan kabutuhane urip masyarakat. Regane beras ya mesthi banjur mundhak, wong mesin selep gabah kuwi nganggo solar. Regane gedhang goreng mesthi melu mundhak, merga rega lenga patra uga mundhak. Karcis angkutan umum kabeh mundhak. Sandhangan saya larang. Regane lemah saya ndedel. Bayare wong nyambut gawe saya ora aji. Nanging, mbokmewana mung rega koran sing ora mundhak. Muga-muga.
Sing elok maneh, nalika lagi dadi isu, ana kabar menawa regane BBM bakal diunggahake, wong sapasar wis padha ngundhakake rega dagangane. Kojur. Bareng BBM sida mundhak, reregan dagangan mundhak sepisan maneh. Dadi, mung jalaran BBM mundhak sepisan, reregan apa wae banjur klakon mundhak tikel pindho. Kebacut.
Saenggon-enggon banjur ana dhemo. Kisruh. Sing padha arep njago bupati, gubernur, utawa presiden banjur padha melu. Embuh lair-batin, embuh mung lamis, ora ana sing ngreti. Gayeng. Tan wurunga mesthi bakal ana dhemo njaluk undhake gaji, pendhidhikan murah, sembako murah, lan mesthi rame banget.
Ana ada-ada saka pamarentah yen rakyat sing mlarat diparingi BLT (Bantuan Langsung Tunai), nanging tansaya gawe gendra. Kanyata, para sing kawogan padha kangelan milah endi sing mlarat, mlarat banget, mlarat tenan, utawa sing ora pati mlarat. Wong nyatane kabeh banjur trima ngaku mlarat, tinimbang ora keduman. Edan!
Mung ana rong pilihan: melu ngedan (dudu edan hlo!) apa trima ora keduman? Sumangga. Mangka, ujare Sri Mulyani, Menteri Keuangan, rega BBM isih bakal mundhak maneh.

Harian Jogja, Minggu Kliwon, 1 Juni 2008

Tidak ada komentar: