Rabu, 11 Juni 2008

Cerkak

ABANG-IRENG

Tunjung Pratiwi

Sigit lungguh let sakursi ing tengene Wati. Sedhela-sedhela nyawang njaba saben krungu swara mobil liwat ngarepan. Dhengkule ketara pijer obah kaya wong kewelen utawa katisen bar kodanan. Mangka, wancine awan, mangsane ketiga! Awake mbungkuk. Sirahe ndhingkluk. Mringkus ora gagah. Dlamakan tangane bola-bali ngusapi rai sing temene ora kemringet. Katon ora jenjem.
Wati senggak-sengguk. Nangis! Sirahe niba ing pundhak tengene Bu Hadi. Driji tangan tengene ora leren-leren ngremeti driji tangan kiwane. Klambine ketara meles kena kringet. Mbokmenawa sumuk. Awan-awan, panas, rambute diore, malah nangis.
Bu Hadi katon ora goreh. Ora katon ngelus-elus rambute Wati, anake, kaya lumrahe wong ngeneng-eneng bocah nangis. Nanging, pisan-pindho katon ngaras sirahe anake wadon. Gedheg-gedheg uger weruh Sigit bali clingukan ngulati njaba.
“Nak Sigit. Ora sah bingung ta. Ora ana sing prelu disumelangi. Kowe mesthi wedi yen mengko ditakoni Bapak lan didukani. Iya ta?” ujare Bu Hadi marang Sigit. Lirih lan karo mesem sethithik.
“Tapi, mengke nek Ba…Bapak … du…duka…, pripun?
“Yen didukani ya kok-rungokke wae. Mengko yen wis sayah rak ya lerem dhewe. Ra sah diumbali. Ndhak saya duka.”
Sigit manthuk tanpa wangsulan. Batine nyicil ayem. Mengko yen Pak Hadi, bapake Wati, kondur, banjur weruh anake wadon nangis merga mentas lunga karo dheweke, banjur nesu, wis ana Bu Hadi, sing katone saguh mbelani.
“Hla kae, Bapak wis kondur.”
Krungu ukarane Bu Hadi sing pungkasan, Sigit njenggirat. Nanging ora wani nyawang njaba. Mung nglirik sithik. Isih karo ndhingkluk.
Wis katon. Ana pawongan, pawakane cilik nanging ora pati kuru, ora pati gagah, ora pati dhuwur, mudhun saka mobil sedan tuwa. Jebul iku sing jenenge Pak Hadi, bapake Wati, sing nggorehake atine Sigit, pacare Wati.
“Ndhuk, bapakmu wis kondur kae hlo. Wis, nangise dilereni, luhe diusapi. Ndhak bapakmu saya duka,” ujare Bu Hadi marang anake.
Wati isih mbacut. Senggak-sengguk. Ora nggugu dhawuhe ibune.
“Kuwi ngapa, kok ndhepipis kaya cah cilik? Lagi dha mulih ta, Bu?” aloke Pak Hadi sing lagi wae mlebu patang jangkah saka lawang ngarep. “Dolan nyang endi wae, Mas Sigit? Kowe ki nangis apa ngapa, Ti?”
Ora ana sing wangsulan. Sigit nyekukruk kaya pitik kena thethelo. Wati isih panggah nangis. Bu Hadi mung manthuk pisan, nanging banjur menyat saka kursi, nyedhaki garwane. Tas sing dicangking Pak Hadi dijaluk.
“Siram dhisik, Pak. Salin, njur dhahar,” ature Bu Hadi, lirih.
“Cah loro kuwi mau wis mangan durung?” wangsulane Pak Hadi sing wis lungguh ing kursi sangarepe Sigit karo nguculi tali sepatu.
“Durung. Wong ya durung suwe kok iki mau.”
“Nek ngono, mengko pisan wae. Bareng.”
“Kok ndadak mengko ta, Pak? Wis ben Wati karo Nak Sigit keri. Njenengan saiki wae, takkancani. Senengane kok nelat hlo. Genah duwe lara maag ngono kok.”
“Ora, Wati nangis kuwi jalarane apa? Bar dolan saka endi wae, Mas?
“Saking Tawangmangu, Pak.”
“Karo sapa wae?”
“Kaliyan kanca-kanca kelas tiga.”
“Acara apa?”
“Syukuran bibar ujian nasional.”
“Luluse durung karuwan kok wis syukuran.” Pak Hadi nyopot jas-e, dhasine, lan banjur sumendhe kursi. Tangane kiwa-tengen ndhaplang. Sikile slonjor tumumpang pipi meja. “Bapak lagi mulih wis koksuguh tangis ki, kenang apa?” nakoni anake wadon. “Ana apa ta, Bu?” noleh bojone sing lungguh ing sisih tengene.
Bu Hadi malah genti nyawang Wati lan ngendika, “Ndhuk, didangu Bapak kok ora kokwangsuli ta? Wati, … ayo matur bapak.”
“Ku …, kula nyuwun … nga …, ngapunten…, Pak,” malah Sigit sing ndhisiki matur glagepan.
“Nggih, Pak. Kula nyuwun nga…, hik… hik…,” Wati melu matur nanging ora rampung. Nangis maneh.
“Aku kok malah bingung ta, Bu! Pak Hadi gumregah. Wis ora sumendhe, wis ora slonjor. Nyedhot ambegan dawa. Mripate tajem nyawang Wati. “Kowe dha njaluk ngapura ki, salah apa?” Genti mandeng Sigit. “Mokal yen ora duwe kaluputan kok njur plendak-plenduk nyuwan-nyuwun ngapura! Noleh nyawang Bu Hadi. “Aku wis krasa.” Bali nyawang anake. “Wingi kowe dha pamit lunga ki, atiku ora kepenak. Prawan kok dolan karo jaka, mangka nganggo nginep. Arepa acara sekolah, wis mesthi ora becik. Eee, hla kok jebul tekan Tawangmangu. Dha nginep neng endi? Neng Villa? Sekamar? Kok ra nyang Kaliurang wae, sing cedhak? Kok ndadak nganggo nginep? Hla! Nek wis kebacut ngene iki njur piye? Neng kana, kowe dha ngapa-ngapa ta? Ngapa wae?!”
Genah. Pak Hadi duka tenan. Ketara mripate mencereng lan wiwit kocak tur mbranang. Alise wis gathuk. Bathuke mengkerut. Pasuryane abang-ireng.
Sigit kewelen. Lagi iki klakon didukani bapake Wati. Sadurunge mung krungu saka critane Wati menawa Pak Hadi iku getapan, yen nganti nesu, nggegirisi. Swarane sero, ukarane dawa, mripate tajem, kaya Baladewa. Raine Sigit melu abang-ireng. Keweden.
Tangise Wati wis mendha. Meneng, ndhingkluk, ketara wedi banget.
“Arep nyang endi, Bu?” aloke Pak Hadi weruh garwane ngadeg lan arep mlaku mlebu.
Sing ditakoni ora mandheg lan mung wangsulan, “Arep njupuk unjukan kanggo njenengan.”
“Mula, nek dikandhani wong tuwa kuwi ora mung nggah-nggih nggah-nggih ora kepanggih! Wis bali mencereng nyawang anake. “Kurang, leh nyembadani wong tuwa? Kurang, sing nuruti penjalukmu? Anak wedok siji, didama-dama, digadhang-gadhang, dikudang-kudang bisa mikul dhuwur mendhem jero. Ning, saiki nyatane piye?! Ora beda karo Masmu ta? Sekolah durung rampung wis nggandheng prawan. Runtang-runtung kaya manten anyar, mangka isih pacaran. Ra wurung meteng dhisik. Kowe arep tiru-tiru?! Iya?!
Sigit ndengengek, banjur matur alon, “Pak, nyu….”
“Apa?! Wis, saiki blakaa! Neng kana dha ngapa wae?! Yang-yangan?! Ambung-ambungan?! Turu bareng?! Ngono kuwi patrape cah sekolahan?!” Pak Hadi unjal ambegan sedhela lan bali ngundamana, “Aku biyen tau dadi cah enom, Mas. Ya nakal kaya lumrahe cah lanang. Ning, ora kaya ngono kuwi! Mbuwang umbel wae durung resik, wis keladuk! Ora guna dha disekolahke dhuwur-dhuwur! Kaya ora tau diwulang agama! Isane mung gawe wirange wong tuwa! Ngene iki nek wong tuwamu krungu, dadi apa?! Kowe ya saguh tanggung-jawab, nek anakku ana apa-apa?!
“Pak, sareh, Pak. Iki, ngujuk dhisik. Aja sero-sero. Isin dirungokke tangga,” ujare Bu Hadi, lirih, alon, karo nyelehake sagelas banyu tawa ing ndhuwur meja, pas ing ngarepe garwane.
“Kowe ki ya kebangeten kok, Bu. Ngerti anak patrape kaya ngono kok mung trima meneng wae. Wis kebacut diwirang-wirangke anak kok isih kober mikir isin karo tangga!”
“Bapak sing kejeron menggalih, kok aku sing diluputke,” wangsulane Bu Hadi isih panggah lirih lan alon.
“Bune! Lelakone Andi wis kaya ngana. Saiki Wati ya mung padha. Kok ora oleh mikir ki, piye ta?! Duwe anak loro ora ndalan kabeh kok ayem wae ki, sing kebangeten sapa?! Aku apa kowe?!
Wati kaget krungu bapake malah arep padudon karo ibune. Tanpa sranta banjur nyelani atur, “Pak, Ibu leres. Bapak pancen sampun salah paham.”
“Piye?! Wis pinter omong kowe saiki?! Wis isa nyalahke wong tuwa?! Kuwi, oleh-olehmu sekolah?!”
Swarane Pak Hadi rada groyok. Napase krenggosan. Mripate ora mung abang, nanging uga meles. Gawat!
“Pak, nuwun sewu, lerema dhisik. Aku tak matur sing cetha. Aja njenengan pedhot dhisik sadurunge rampung,” ngono ature Bu Hadi. Isih tetep lirih, alon, nanging uga rada groyok. “Ngene hlo, Pak. Bocah loro kuwi mau mulih saka Tawangmangu, mampir nyang Mall. Rekane arep blanja, jebul malah ketiwasan. Dhompet lan HPne Wati dicopet. Dheweke njur wedi nek tekan omah njur kokdukani. Semono uga Sigit. Bocahe wedi nek koksengguh dheweke ngedol HPne Wati kanggo royal. Mangka pancen kecopetan tenan.”
Pak Hadi mlongo. Ngowoh tanpa kecap. Nglirik Wati rada suwe. Nglirik Sigit sedhela. Banjur mandeng Bu Hadi suwe banget. Pasuryane abang-ireng. Nanging dudu cahyane wong nesu. Cahyane wong isin. Isin banget.
Wati wis wani ndhangak. Nyawang bapake, ibu, pacare, lan banjur abang-ireng ngampet ngguyu. Sigit sumendhe kursi. Kaya wong kelegan, ambegane dadi landhung banget. Raine wis ora pucet. Rada padhang. Bu Hadi mung mesem, lan banjur menyat mlaku mlebu. Nyawiske dhaharan, sajake.

dimuat di Harian Jogja, Minggu Kliwon, 1 Juni 2008

Tidak ada komentar: