Sugito HS
KENYA NUNGGU JANJI
Pinggir kali. Ngisor wit waru.
Salembar ati. Tatu biru.
Banyu mili. Sepi.
Peksi muni. Sepi.
Srengenge ndhingkluk. Angkasa surem.
Ati ketekuk. Perih njarem.
Biyen.
Ing pinggir kali janji-janjimu nyapih tangise.
Ing ngisor wit waru kok-aras pipine.
Nalika srengenge surup kokpagut lathine.
Nalika udan grimis koktinggal dhewe.
Saiki.
Ing pinggir kali cidramu ngesat waspane.
Ing ngisor wit waru teles pipine.
Nalika srengenge surup biru lathine.
Nalika udan grimis dheweke ngarep-arep kowe.
Yogya, Mei 2008
DHEWE
godhong jati gogrog. kuning. garing.
lebu katiyup angin. kuning. garing.
suket teki mati. kuning. garing.
raga lara. kuning. garing.
jiwa bera. kuning. garing.
ati sepi. kuning. garing.
Yogya, 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar