ASMARADANA
Ki Sasmita
1.
saben rina saben wengi
saben lathi aweh warta
pawartane seje-seje
warta bungah warta susah
becik kalawan ala
kadhang bener kadhang luput
ngebaki bumi angkasa
2.
beda sirah beda kuping
panampane beda-beda
trang-trawaca saka kono
tekan kene ora cetha
kepara kadhang kala
ukarane wuwuh tembung
trus rusak kelangan jarwa
3.
apese tumrap wong cilik
bisane mung nunggu kabar
rerekane pra penggedhe
sing kebacut pinrecaya
yasa kawicaksanan
mujudake adil-makmur
ayem-tentrem bagya-mulya
4.
nanging janji tiwas janji
ora dadi kasunyatan
janjine pating calemong
akeh-akeh sing dikandha
kandhane amung dora
lincat janji apus-apus
golek mulyane priyangga
5.
tundhone akeh sing melik
pengin ngeyam urip mulya
tanpa kudu tandang-gawe
ilang rasa kamanungsan
tan beda patrap kewan
begal-maling colong-jupuk
gedhe-cilik ora beda
Ngayogyakarta, 27 Mei 2008
Harian Jogja, Minggu Kliwon, 1 Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar