Prekara Upa Sapulukan
Sugito HS.
Sawijining dina, kira-kira telung wulan kepungkur, nalika aku lagi jenak lungguh ing warung kopi wetan desa, ketemu karo Mbah Tomo. Dheweke klebu perangane sesepuh ing desaku. Suwe ora ketemu, bacute aku lan dheweke jagongan ngalor-ngidul sakatoge. Ing pungkasane rembugan, Mbah Tomo mekas marang aku. “Wong urip ing alam donya iku kudu ngupadi telung prekara. Sepisan, ngupadi sejatining mulya. Kapindho, ngupadi sejatining urip. Sing pungkasan, ngupadi sangkan-paraning dumadi,” ngono welinge nalika iku.
Sanalika iku ora takgagas jero. Mung tak-eling-eling. Kuwi wae ora banget. Nanging wingi, bareng ana kanca sing kandha menawa wulan iki awake dhewe bakal mengeti sa-abad dina “Kebangkitan Nasional”, aku rumangsa prelu nggagas, ora mung ngeling-eling, ujare Mbah Tomo nalika semana.
Pawadanku prasaja. Krasa utawa ora krasa, nyatane wis satus taun, wiwit madege Boedi Oetomo ing tanggal 20 Mei 1908 pinandhegan dening Dr. Soetomo sakanca, tekan seprene, bangsa Indonesia durung kena diarani “bangkit” sing satemene. Apa pancen “bangkit” sing satemene “bangkit” iku ora bakal ana? Nuwun sewu, aku dhewe upama di-uber pitakonan sing kaya ngono iku ya bingung. Ewuh anggone arep mangsuli. Arep wiwit saka ngendi? Mula saka iku, aku mung arep dhapur nglairake gagasan. Mbokmenawa bisa kanggo garan sawetara nalika kudu ngrembug kahanane bangsa lan negara iki.
Yen arep diarani negara sing makmur, ing Indonesia tekan seprene, embuh desa embuh kutha, isih akeh wong sing uripe kesrakat. Ora mung kurang sandhang lan pangan, nanging uga kurang utawa kepara ora duwe papan, senajan mung kanggo nylonjorake sikil sawetara. Akeh sing ora (durung) gableg pakaryan lan akeh sing durung bisa ngrasakake pendhidhikan kaya dene wong-wong sing karoban bandha-donya. Kosokbaline, yen arep diarani negara sing mlarat, kanyatan ing sadawane dalan akeh sepedha motor anyar gres weton manca, akeh mobil mewah. Semono uga akeh perumahan cekli sing saben wanci disaba pawongan sing nyangking laptop lan nggembol handphone dhewe-dhewe.
Pancen bener. Ora kudu padha. Sebab, adil iku ora mapan ing kahanan sing padha lan jatah sing warata. Nanging, kebangeten yen nganti sungsate adoh banget. Nganti kalis kaya banyu karo lenga. Sing sugih tansaya brewu, dene sing ora duwe saya ketimplak-timplak.
Wis satus taun lumaku, ada-ada “bangkit” iku mbrengegeng. Wis meh ndungkap wolung windu kamardikane bangsa jinunjung bebarengan. Tumrape wong Jawa, siklus wolung windon iku wigati banget. Nalika umur tekan wolung windu (64 taun), ing kono wong bakal manggihi upacara sing monumental. Kaprah ingaran upacara tumbuk ageng, yaiku ketemune dina (saptawara), pasaran (pancawara), wulan (Masehi lan Hijriyah), lan wuku sing jebles pleg karo nalika linairake ing jagat padhang dening ibu. Ana sing takyin menawa wis wolung windu, kahanane bakal bali kaya mula-bukane. Upama ula, mbokmenawa banjur nglungsungi.
Yen landhesane dina kamardikan 17 Agustus 1945, wiwit saka jaman Orde Lama, Revolusi, Orde Baru, tekan saiki jaman Reformasi, banjur setaun maneh, meneri antuk 64 taun mardika, bangsa Indonesia bakal nemahi jaman apa? Dene yen lelandhesan dina “Kebangkitan Nasional” sing wulan iki jangkep satus taun (rolas setengah windu), bangsa iki kudune ngancik jaman apa? Sing genah, kahanane isih bosah-baseh. Ora beneh karo sing ditulis Ranggawarsita ing serat Kalatidha.
Mungguh wawasanku, ngupadi “sejatining urip” iku mengko wae. Ngupadi “sangkan-paraning dumadi” iku sesuk wae. Sing luwih wigati tumrape saiki ngemungake kupiya aweh bukti marang kawula yen bangsa Indonesia tetela wis manggih “sejatining mulya”. Lire, kepriye anggone nggagas urip sing bener, yen golek pangan sapulukan wae angele setengah mati? Kepriye anggone kober maneges kanthi wening, yen isih kudu mikir kluwargane sing kontrang-kantring lir lebu katiyub angin? Prayoga dilakoni siji mbaka siji, kawiwitan saka sing paling kasadmata. Ora ateges mung nengenake kabutuhan sing ora langgeng. Mung supaya luwih cetha. Amrih ora nggladrah.
Ora nggumunake yen Iwan Fals kumawani nganggit lagu “Manusia Setengah Dewa”. Klebu anggonku nekad matur ing kene. Kabeh adhedhasar kasunyatan ing masyarakat. Lan mung bisa matur kanthi cara mangkene. Iki dudu kanggo pawitan tukar-padu cecengkahan. Mung kanggo mbukani rembugan sing sareh, sumeleh, lan pepuntone pakoleh. Dirgahayu “Kebangkitan Nasional”!
Harian Jogja, Minggu Pon, 25 Mei 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar