dening Esha Dipa
Wis jam sanga kliwat sepuluh menit. Bis sing taktumpaki mlebu terminal Ngawi. Jane keju, sumuk, lan kecut pengin ngrokok, nanging emeng yen kudu metu, senajan sopir lan saperangan penumpang padha mudhun golek hawa. Wiwit munggah saka terminal Giwangan udakara telung jam kepungkur, pikiranku klambrangan nganggit wangsulan sing kudu tak-aturke nalika mengko, tekan plataran omah, pinapag pandangone simbah kakung.
Ewa semono, nganti bis-e nggereng aweh sasmita enggal mbacutake laku, banjur nggleser ngidul ngener terminal Maospati, papan ampiran telung puluh menit maneh, aku durung nemu ukara sing terang kanggo cecawis mangsuli pitakon ajeg sing mesthi gawe atiku ndhredheg.
Satemene dudu pitakonan sing angel kok. Aku isih kelingan, yen ora kleru, telung taun kepungkur, kira-kira tanggal 7 Januari taun 2005, wancine jam sewelas awan, pitakonan iku sepisanan nggorehake atiku. Simbah ngadeg ing ngarep lawang, kathokan cekak warna ireng, ngliga, ngakep udud, mesem, lan gedheg sedhela, banjur semu rikat mapag aku ing plataran. “Kapan kowe rabi?” mung iku pitakone nalika semana. Sepele ta! Nanging embuh, kenang apa aku kudu kemringet sadurunge mangsuli, glagepan nalika matur, lan adhem-panas sawise wangsulan?
Takcathet lan tak-etung wis ping nem simbah ndangu ing wanci (jam sewelas awan), ing papan (plataran omah), lan ukara (“Kapan kowe rabi?”) sing padha. Mung tanggal, wulan, lan taune sing beda. Ora aneh kok. Wiwit sangang taun kepungkur, sawise lulus SMP, aku nglembara golek dhuwit menyang Jogja. Tekan seprene aku kulina mulih tilik desa setaun pindho. Kulina budhal saka Jogja wanci esuk, tekan Magetan awan. Dadi, ora nggumunake yen mau takkandhakake menawa suwene telung taun iki simbah nate ketemu karo aku ping nem, wanci awan, ing ngarepan.
Siji sing beda. Desember 2007 wingi, nalika mulih, aku ora mung didangu, nanging kepara malah diwejang entek-entekan.
“Mulya-mulyane wong urip neng alam donya kuwi, nek wis ndungkap mangsane banjur urip jejodhoan, tresna-tinresnan. Ing kono wong lanang bakal diarani lanang tenan, dene sing wadon dadi satemene wadon. Bebarengan negesi sejatining bebrayan.
Ana bungah kinenyam bareng, ana susah sinangga bareng. Lara siji lara kabeh. Mukti siji mukti kabeh. Nek kowe duwe kurang, bojomu sing njangkepi. Nek kowe nyimpang dalan, bojomu sing ngluruske. Nek kowe tumindak luput, bojomu sing mbenerke. Semono uga kosok-balene.
Nyambut gawe sa-asil-asile, sedina mung sewu rupiah upamane, dipantha-pantha supaya bisa cukup kanggo nutupi butuhe wong saomah. Hla! Neng kono iku hlo, Ngger, ampuhe wong omah-omah. Beda karo nek isih ijen. Isih legan. Senajan duwe asil sedina satus-ewu, anane mung entek tapis tanpa tilas, kepara malang kurang. Sing kokpikir mung butuhmu, waregmu, lan senengmu dhewe. Mula, ya ora ana tumanjane. Ning, nek wis ngopeni bojo kuwi seje.
Bojomu besuk kuwi bakale sapa? Rak anake wong ta? Rak ya wedok ta? Karepmu oleh sing ayu ta? Lire, mangun bebrayan tumrape wong lanang kuwi ngopeni anake wong. Mangka kuwi bocah wedok. Butuh pupur, butuh benges, butuh apa-apa, supaya katon ayu. Ora njuwarehi, tansah ndhemenake, njur tangga-teparo dha pengin. Rak ngono!
Kuwi katone gampang, ning angel hlo! Sing takjaluk kuwi, upamane kowe gage oleh sisihan, ketang asilmu sithik, rak njur ndang pecah nalarmu. Kuwi mesthi. Hla piye, wong dipeksa dening kahanan kok! Embuh piye carane, kowe rak njur mbudidaya amrih pawonmu kumebul. Nek wis ngono kuwi, tegese kowe wis diwasa sing satemene, Ngger,” ngono ngendikane simbah nalika iku.
Jam sepuluh kurang telulas menit. Wis tekan terminal Maospati. Aku mudhun saka bis lan gage munggah ing bis cilik jurusan Magetan.
Munggah saka lawang ngarep, tak-ulati wis ora ana papan lungguh. Wis kebak penumpang. Malah isih ana wong papat sing nasibe padha aku, ngadeg ing antarane kursi sisih kiwa lan tengen. Oh, kleru. Wong telu dhing. Sing siji jebul kondhektur-e.
“Benera durung karep rabi, ning apa ya calon sasijia durung ana?” Ngendikane simbah nalika semana, dumeling maneh, kepara saya cetha, “Senajan wong lanang kuwi wenang milih, ning aja njur trima marem pilah-pilih. Luput bejane, mundhak kleru pilih.
Wong wedok kuwi kaya kelir. Tansah katon resik, putih, cetha, njaba-njerone. Ning, kelir kuwi neng ngendi-endi ana. Neng Jogja kowe weruh kelir, rumangsamu kuwi sing paling apik. Neng Magetan weruh kelir liyane, rumangsamu iku sing luwih apik. Neng beda papan ngerti kelir anyar, panemumu geseh maneh,” simbah mbateg wae anggone ngumbah, nguceg-uceg nalarku.
“Karcis, Mas! Ajeng mudhun pundi?” dumadakan swarane kondhektur bis sing dhuwur lencir, ning ireng iku, medhot lamat-lamat wejangane simbah sing ngebaki kupingku.
“Mandhap terminal Magetan, Mas. Pinten?”
“Patang-ewu,” wangsulane kondektur bis karo ngulungke ewon siji sawise nampa limang-ewonku.
Ana sing mudhun. Wong lima bareng, ing prapatan Sukomoro. Lega. Tanpa sranta, aku mapanake awak ing kursi sakiwane sopir sing mentas wae dilungguhi salah siji wong Sukomoro mau.
Mumpung longgar, taktekadi ndudut rokok jur takjenak-jenakake kebal-kebul. Entek rong uthil kudune mbarengi bis mlebu ing terminal Magetan, terminal pungkasan sadurunge aku numpak ojeg tekan omah.
Tenan. Ora geseh. Lagi wae nyecek tegesan sing kapindho, bis-e wis mlebu terminal. Aku gage mudhun. Nyaketi pangkalan ojeg. Tanpa nyang-nyangan, aku kandha marang salah siji tukang ojeg supaya diterake menyang Ketro, desa sing dadi pucukane kecamatan Parang saka sisih lor. Kira-kira 19 kilometer saka terminal kene. Tanpa mbaleni rembug, tukange ojeg banjur ngulungke helm lan nguripake mesin sepedha montor bebek-e. Aku nyengklak jok mburi. Lan bleber. Playune sepedha montor ojegan iki kaya manuk Sikatan keplintheng bocah angon. Ngaget-ngageti.
Ing dalan, aku ora kober sapejagong karo tukange ojeg, merga saking bantere. Angen-angenku klambrangan maneh. Kelingan ujare simbah maneh.
“Mumpung aku lan simbokmu isih diparingi seger-waras, Le. Becike, kowe matura bapak lan ibumu. Gek ndang kon nglamarke sapa ngono, hlo! Nek prekara wragad, sejene wong tuwamu dhewe, mengko aku karo mbahmu wedok ya melu urun. Wong pancen kuwi wis wajibe. Simbah kuwi kanggo tambah-tambah. Simbok kuwi kanggo sakwanci-wanci tombok.”
“Niki menggok pundi, Mas?” tukange ojeg ngagetke aku.
Jebul wis tekan lor desa. “Mlebet ngilen, Pak. Antawis tigang-atus meter,” sumaurku marang Pak Brengos, tukang ojeg sing embuh jenenge. Pokoke brengose ketel. Wangune dadi Gathutkaca Wayang Wong neng Sri Wedari Solo.
Atiku byar-pet. Bingung. Wedi. Sedhela maneh kudu mangsuli pitakon sing padha. Alon-alon ambeganku taktata. Helmku takcopot. Kringet ing bathukku tak-usapi. Tekan pratelon wetan omah, Pak Brengos takkon mandheg. Aku mudhun. Tak-ulungi dhuwit puluhan-ewon telu. Pak Brengos mbalik muter lan banjur bleber, lunga.
Aku durung oncat saka pratelon. Sikilku malah krasa kedher. Cilaka. Arep wangsulan apa maneh? Wis ping nem wangsulanku pijer padha. “Dereng angsal sing cocog,” ngono pawadanku saben-saben didhedhes simbah.
Bismillah. Aku mlaku ngulon alon-alon. Sapecak, rong pecak, telung pecak, patang pecak, …, sangalas pecak. Saiki wis tekan latar. Sepi. Ora ana sapa-sapa. Simbah durung katon ing ngarepan. Lawange isih mineb. Alhamdulillah.
Aku maju. Sapecak, rong …. Eit! Ana sing mbukak lawang. Adhuh! Apes! Kosik! Dudu simbah kakung! Bocah wadon! Kira-kira umur rongpuluhan turah sithik. Sapa ya? Ayu! Rambute dawa. Kulite resik. Dhuwure cukupan. Irunge mbangir. Mripate! Isin, aku. Lambene…, hemmm. Ah, mesthi ponakane ibu saka ngendi ngono. Ahhh. Hlo! Kok mandheg? Patang jangkah saka ngarepku. Tenan. Upama turah ya sethithik. Ora ana sepuluh senti. Eh, dheweke mandeng aku! Mesem! Dhuh, manise. Upama dadi boj….
“Iku calon bojomu, Le!”
Haaaa…! Simbah wis ngadeg ing tengah lawang.
Dimuat di Harian Jogja, Minggu Pon, 25 Mei 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar