Rabu, 11 Juni 2008

Geguritan

Marang Calon Pahlawan
dening : Sugito HS


tilingna, Nimas
gendhinge wurung suwuk
iramane ngalun segara
gerongane timbul-silem kelangan jarwa

wis cukup, Nimas
iki minangka sasmita
senajan makaping-kaping koklabuhi padu
saiki sliramu prayoga lila-legawa ndhadha

lan ayo takkanthi nyaketi pinggir
lungguh slonjor sendhen saka
tanpa kudu njereng kuping miyak tlapukan mripat
ngemungke nyungging esem ngripta guyu
supaya perihmu
njaremmu panasmu mirismu mangkelmu cuwamu
kagolmu ingusadan (sawetara)

lerema sedhela, Nimas
ora becik kemrungsung ngangsa-angsa
luwih becik mandheg mbaleni tata-tata
ngawe kanca ngajak bala ngudhari rasa mbundheli sedya

nyicila ayem, Nimas
akeh sing nunggal rasa
rumangsa padha
padha-padha rekasa sangsara lara
satemah jiniret pepenginan
pengin banget luwar longgar mekar

aku precaya, Nimas
iku gegadhangan sing mayar (lan asring cabar)


Yogya, 2008

Tidak ada komentar: