(Refleksi Kebangkitan Nasional)
satus taun kang kapungkur
wijiling prasapa bangkit
gumolong antebing tekad
mangesthi adeging nagri
ingkang jejeg tur santosa
mardika teguh mandhiri
pepuntone datan dangu
temah klakon proklamasi
abang-putih ngantariksa
ngrenggani bumi Pretiwi
tandha cihna kang sanyata
Nuswantara dadi siji
nanging ta eman satuhu
mulat kahanan samangkin
nadyan wus dangu mardika
nadyan manunggal nyawiji
nadyan kekanthen makarya
tetela tebih pangesthi
akeh lathi medhar tulus
akeh niyat kalis pamrih
akeh janji edi-endah
akeh esem kladuk manis
mangkonoa kasunyatan
luwih akeh lincat janji
luwih akeh apus-apus
luwih akeh ujar lamis
luwih akeh pokal srakah
tan sanes jalaran ati
lathi lan pakartinira
cengkah bengkah ajur keli
Sugito HS. Ngayogyakarta, Mei 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar