Selasa, 15 Juli 2008

CERKAK

TUKU SEGA IMBUH TRESNA

Agni Nurjati

Asem tenan! Dhuwit mepet, weteng ngintir-intir njaluk diisi. Kudune pendhak tanggal tuwa kuwi pancen apike pasa. Yen ora ngono, nyatane repot tenan kok. Bayarku saben wulan mung patang atus sewidak. Mangka, kanggo mbayar kost satus seket, kanggo tuku bensin, rata-rata sesasi entek sangang puluh. Turah rong atus rong puluh. Dhuwit semono kuwi, kanggo urip neng kutha, jan ora cukup banget.

Pancen apike pasa wae kok. Ning, wis kebacut luwe banget ki. Ora mung kroncongan. Wis ndhangdhutan rame banget. Yen ora gelis dileboni sega, klakon semaput tenan.

Ribet, ngopeni weteng Jawa kuwi. Disapih nganggo roti tukon super market wae, yen durung kambon sega, ngelihe durung suda. Mangka, yen diladeni tuku sega, rampung mangan, cangkem krasa kecut, banjur njaluk diseseli udud. Cucul dhuwit maneh. Kamangka, regane udud kuwi, saiki tikel pindho regane sega rames sapiring.

Takpikir-pikir, sing kebangeten kuwi ya bapakku dhewe. Kenang apa dadak nggadhang anake dadi guru. Apa ampuhe? Tiwas rekasa! Nyatane, pendhak dina aku kudu tangi mruput. Kudu nyetrika klambi. Pendhak dina sragame ganti. Pendhak dina kudu ngumbahi.

Yen wis duwe bojo ngono, isih lowung. Ana sing sing nyawiske banyu anget kanggo adus. Nyawiske sarapan lan wedang kopi kebul-kebul. Clana lan klambi wis cemawis mlithit. Mangkat mulang disangoni esem manis. Wis ta, pokoke swarga donya tenan. Hla, yen tiba sing isih legan kaya aku iki, cilaka ta! Yen pengin adus banyu anget, kudu nggodhog dhewe. Pengin sarapan, mangka ora sembada masak dhewe. Mulih saka sekolahan, awak kesel ora ana sing nggatekke. Ya wis cilaka mencit.

Hladalah! Kok malah tekan ngrembug bojo ta! Mikir gaweyan dadi guru honorer wae judheg kok. Upama wis ketampa PNS ngono, aku tetep mesthi wani mikir golek bojo. Senajan, temene aku ora betah dadi guru. Ning, yen dadi pegawe negri rak saora-orane, blanjanku wis cukup kanggo mangan sawulan.\par
\tab Wadhuh! Malah kelingan mangan maneh! Wah, kudu dituruti tenan iki. Luwe banget!

Aku ngunclug ngetan. Niyatku menyang warung "Kebon Cilik". Mung warung kuwi sing paling cedhak saka kost-ku. Senajan biasane, aku ora nate mangan ing kono. Tekan ngarep warung, rame. Akeh nom-noman padha mangan bareng karo pasangane dhewe-dhewe.

Mbagusi! Isih padha kuliah wae, pethenthengan runtang-runtung nyang endi-endi karo pacare. Sengit aku! Ah, ya wis ben. Ora idhep. Wetengku kebacut perih.

Mlebu warung, ora banjur aba pesen panganan. Aku pilih mapan lungguh ing kursi ngarep kasir. Mung kuwi sing kosong. Aku lungguh ngungkuri kasir, nyawang ngarepan. Ngampet gela, weruh kiwa-tengen padha mangan sinambi guyon, klesak-klesik, lan sedhela-sedhela ngakak bareng.

Wong urip kok ora toleran! Ora tepa-slira!

"Mau pesen apa, Mas?"

Aku njomblak. ing sisih kiwaku wis ana gadis nganggo klambi biru, padha karo klambine kasir. Tangane ngulungake daftar menu.

Swarane arum! Eseme manis! Krungu swarane lan nyawang pasuryane,rasa ngelihku rada suda. Kok bisa ya?

"Kula pesen sega pecel, Mbak."

"Maaf, Mas. Kalo sudah siang begini, nasi pecelnya sudah habis. Kan, enaknya untuk sarapan, Mas. Gimana kalo menu makan siangnya, ayam bakar saja?"

"Ya."

"Minumnya"

"Es teh. Eh, bukan. Es Jeruk."

"Ditunggu sebentar ya, Mas."

"Ya."

Ehlo! Mati aku! Kok pesen ayam bakar? Wadhuh! Sesuk njur arep mangan apa? Wah, edan! Aku kok manut wae dibujuk si Klambi Biru mau! Ning, ora, ah! Ora dibujuk kok. Wong, ukarane wae, katon yen perhatian banget marang aku kok. Ya ngene iki kudune dadi bojo kuwi. Eh, kleru. Maksudku, dadi pelayan warung. Elok! Pelayan warung kok ayu ya! Manis, grapak, simpatik. Seneng, aku.

"Ini nasi ayam bakarnya, Mas. Silahkan dinikmati. Emmm, mau saya ambilkan kecap?"

"Ya."

Wehla! Kok aku manut wae, ta! Aku rak ora seneng kecap! Iki piye, ta?! Edan! Ayu tenan! Satembung-tembunge kok luwes tenan.

"Ini kecapnya, Mas. Selamat makan. Saya ke belakang dulu ya."

Asem! ukarane kaya marang pacare wae. Hemmm, disawang saka mburi saya katon kewes. Lakune bisa nglalekke luwe. Ning, apa ya ayam bakare arep ora takpangan. Wis kebacut tuku. Eman-eman.

"Sudah selesai, Mas? Gimana? Enak? Ini asbaknya."

Lagi wae aku nyelehake sendhok, dheweke wis mapan lungguh ing kursi sisih kiwaku karo ngulungake asbak.

Kok ngreti yen aku arep udud ya? Edan tenan! Lagi iki aku ketemu bocah sing ayune ora ukur. Wis, pokoke tenan. Yen ditandhingke karo sing padha guyon kuwi, sing sekolahe dhuwur kuwi, aku trima pilih si Klambi Biru. Kira-kira gelem apa ora ya, karo aku? Ngawur! Angen-angen yen diumbar kok nggladrah. Hlo! Jebul dheweke wis ora ana ing sisihku. Hlo! Piringku wis dikukut. Wadhuh! Dheweke mesrhi lagi isah-isah ing mburi.

Sesuk mrene maneh, ah. Ben ketemu dheweke maneh.

Rasane ayem, tentrem, jenjem, yen krungu swarane, nyawang ayune. Ayune cah wadon sing angel dicandra. Dudu mbangire, dudu nduren sajuringe, dudu nyela cendhanine, dudu nanggal sepisane, dudu ndamar kanginane. Iki sing angel golekane.


Kapacak ing Harian Jogja, Minggu Wage, 15 Juni 2008

1 komentar:

hanacaraka mengatakan...

mas kalo ada cerkak lagi saya minta ya... kl bisa kirim ke didiksupriadi@ymail.com.
juga mohon bimbingan bagaimana cara membuat cerkak yang baik.trims