Selasa, 15 Juli 2008

CERKAK

KAYA MEH PADHA

Esha Dipa

"Nek sampeyan wis gak isa nampa aku, ya gak pa-pa, Cak! Aku isih duwe omah ndhuk Mojokerto. Aku isa urip dhewe, gak bakalan ngrepoti sampeyan. Tapi, sampeyan gak usah kathik ngomong kaya ngono iku, Cak! Lah apa se, sampeyan ngundhat-ngundhat prekara sing wis gak prelu diomongna maneh iku?"

"Aja kleru tampa, San."

"Sapa sing salah paham, Cak? Aku tah sampeyan?"

"Lungguha dhisik ta. Rembugan apik-apik kok njur dadi padudon."

"Nek gak sampeyan-jalari, ya gak bakal gegeran kaya ngaya ngene iki, Cak!"

"Hlo. Kok kowe malah ngluputke aku. Sing takkandhakke kabeh iki mau mung manut penjaluke mbakyumu."

"Aku ngreti, Cak!"

"Yen kowe wis ngreti kenang apa dadak mencak-mencak?"

"Aku nesu iku sebab sampeyan gak isa jejeg. Gak duwe adeg-adeg! Sampeyan kalah ambek wong wedok! Sampeyan gak isin tah?"

"San, lungguha ta. Ora pantes dirungokke kiwa-tengen."

"Ooo..., sampeyan isin ngono tah? Percuma, Cak! Kabeh wis ngreti nek sampeyan iku wong lanang sing wedi karo bojo!"

"Sanusi! Omonganmu saya ora genah!"

"Sing gak genah iku sampeyan, Cak!"

"Cukup!"

Sidhem. Wong loro padha-padha meneng. Mung keprungu swara unjal napase Sanusi sing isih ketara ngampet nesu. Dheweke isih ngadeg. Nanging, mripate wis ora mencereng. Wis ora menthelengi sedulur lanange maneh. Mung kari ndhingkluk. Embuh apa sing disawang ing ngisor.

Kakange Sanusi, Rohmat, sing wis mbudidaya ngampet omong kasar, lan pepuntone ora kuwat, nalika nggetak adhine mau ya dumadakan karo ngadeg. Nanging, Rohmat katon ora anteng. Katon rongeh. Dheweke ora ndhingkluk. Nanging uga ora nyawang adhine. Lirikane ora ngener saenggon. Kaya ana sing disumelangi. Kaya ana sing njalari wedi.

Kahanan ngono kuwi: padha-padha meneng, kagawa abure angen-angen jalaran rasa gela, cuwa, mangkel, lan sumelang, ora suwe. Sebab Sanusi tanpa kumecap maneh banjur mak klepat metu saka omah. Embuh lunga, embuh minggat. Sing cetha, lakune rikat.

Rohmat ora menggak lungane adhine. Mung nututi saka mburi. Nanging, mung tekan ngarep lawang. Ing kono dheweke mandheg, nyawang ngarep. Embuh nyawang gegere Sanusi sing tansaya adoh lan ora katon, embuh nyawang liyane. Sajake, mripat lan pikirane ora nyawiji.

“Bener omongku ta, Mas. Adhimu kuwi bocah sing ora duwe tatanan. Rumangsane kaya urip neng dalan. Omongane ora beda preman. Ora ngelingi neng kene mung nunut urip melu sedulur. Lali yen wis ora duwe wong tuwa. Anggepe kaya gagah-gagaha dhewe. Kaya bener-benera dhewe. Kowe sing kakange wae meksa diluputke, apa maneh aku sing mung sedulur ipe,” Santi, bojone Rohmat, ngreti-ngreti wis lungguh ing kursi lan ngethuprus ngrasani Sanusi.

Rohmat sing diwaduli bojone, mung meneng. Ora noleh. Ora mingket saka papan ngadege. Ora wangsulan. Embuh pancen pilih meneng amarga ewuh anggone arep nanduki utawa pancen satemene babar-pisan ora krungu lan ora ngreti yen Santi wis lungguh ing mburine.

“Malah karuwan yen saiki dheweke gelem mulih nyang Mojokerto, ngenggoni omah warisane. Nyatane neng kene ya ora gelem tumandang apa-apa kok. Doyan mangan, seneng udud, kok ora gelem nyambut gawe. Saben dina mung ngathung njaluk cadhong kaya cah TK.”

Rohmat durung katon arep nimbangi omongane Santi. Ewadene, Santi sajake ya ora pati prelu nunggu supaya Rohmat nggatekake rembuge. Santi kepenak wae ndremimil metani alane Sanusi. Embuh tenan, embuh ora. Nanging, sapa wae yen krungu wadule Santi bab lupute Sanusi kaya ngono kuwi, mesthi banjur precaya yen Sanusi kuwi pancen bocah enom sing lumuh, kesed, atos, kasar, ora sopan.

Santi malah isih mbacutake ujar maneh, “Lumrahe cah enom kuwi ya tumandang sa-asil-asile. Senajan mung kena kanggo mangan sedina. Hla yen butuh apa-apa kudu kowe sing nyukupi, njur arep dadi apa, Mas? Sedhela maneh, anakmu kae mlebu TK. Butuh ragad akeh. Sekolah neng Jogja kuwi ora ana sing murah. Malah kepeneran yen Sanusi saiki mulih ngetan. Wong neng kana ya malah cedhak sedulur pirang-pirang. Arep butuh apa-apa mesthi ana sing ngrewangi. Tur ya ben karo ajar mandhiri. Wis isa mbedakke wong sing ayu karo sing ora kok lumuh nyambut gawe.”

Dumadakan, Rohmat malik. Maju nyedhadhi bojone. Lungguh ing kursi sangarepe Santi. Mandeng Santi rada suwe. Sing dipandeng katon rada goreh. Mbokmenawa sumelang yen sing lanang nesu amarga adhine dielek-elek. Rohmat durung miwiti omong. Saiki wis ora mandeng bojone. Wis ganti nyawang embuh sing ana ing satengene bojone. Ora cetha dheweke nyawang apa. Sing cetha, dheweke banjur ngadeg maneh. Mlaku maju lan kaya arep miwiti omong.

“Dhik, aku pengin kowe wis ora ngundamana Sanusi maneh. Senajan dheweke saiki ora bakal krungu celathumu, nanging aku iki sedulure, Dhik. Yen Sanusi lara ati, aku ya lara, Dhik. Apa kowe tegel nglarani bojomu dhewe?” ngono ujare Rohmat marang Santi

“Kowe dudu Sanusi, Mas. Beda. Aku bojomu. Sanusi adhimu. Aku karo kowe wis omah dhewe. Kudune luwih abot bojo, Mas.”

“Ora sah didedawa. Bares wae, aku malah mikir omongane Sanusi mau. Kenang apa aku kudu ngundhat-undhat prekara lawas? Kenang apa aku kudu nuruti omonganmu? Apa tujuanmu ngakon aku supaya nggenahke etungan warisane bapak marang Sanusi? Lemah kae pancen jatahku, Dhik. Tapi, gandheng wis diijoli pekarangan lan omah iki, lemah kae wis dadi hake Sanusi. Lemah iku arep digarap apa malah didol, dudu prekaraku, dudu prekaramu.”

“Tapi, Sanusi rak durung omah-omah. Ora duwe butuh gedhe. Melu urip neng kene. Awake dhewe tetep melu duwe hak lemah kuwi. Apa maneh ijole iki cetha ora padha. Iki isih kurang, Mas!”

“Cukup!”

Sidhem. Wong loro padha-padha meneng. Senajan ora marem.

Kaya meh padha. Ing endi-endi padha. Wong bebrayan kaya wong nabuh gangsa. Kadhang kala butuh irama lancar, kadhang kala tanggung, kadhang kala dadi, kadhang kala wiled. Ana wancine ompak, ana wancine ngelik. Ana sing nganggo inggah, ana sing nganggo andhegan, ana sing sepisan banjur suwuk. Cethane, kabeh padha. Padha dene duwe prekara. Padha dene butuh ngrampungi prekara. Senajan prekarane beda-beda. Senajan carane ngrampungi beda-beda.


Kapacak ing Harian Jogja, Minggu Legi 22 Juni 2008

Tidak ada komentar: