SURUH TEMU ROSE
J. Respati
Aku duwe kanca, jenenge Ayu. Ketemu lan tepungan sepisanan karo dheweke, pas rong taun kepungkur, nalika blanja oleh-oleh ing pasar Sukawati. Nalika iku, aku pinuju pentas ing Bali, katut rombongan Dinas Pariwisata Yogyakarta. Ayu, nalika iku kapinujon plesir suwene seminggu.
Penting banget aku nyritakake Ayu. Sebab, dheweke dudu mung kanca kaya dene Putri, Lestari, Yanti, Rina, Dewi, lan kanca wadon liyane. Senajan durung kepetung suwe anggonku kekancan, wis akeh owah-owahan ing uripku saploke ketemu dheweke.
Aku sing ora karem nyandhang, ora nggagas penampilan, ora maelu mode, saiki wis rada lowung. Aku wis gelem kober tuku klambi, ora mung kaos oblong. Ana klambi bathik sing mligi taknggo kondangan. Ana klambi abang lengen dawa sing mung kerep taknggo lelungan ndhayoh, sesanja menyang omahe kanca. Ana klambi kothak-kothak ireng-soklat lengen cendhak sing taknggo pendhak mangkat kerja saliyane kaos ireng wewehane Ayu. Pancen mung telu. Nanging wis lowung tinimbang biyen.
Aku uga wis nyoba rada tumata. Saben esuk mesthi sarapan, kejaba yen lagi kentekan dhuwit. Pendhak rampung adus, awakku taksemprot nganggo parfum, senajan rega murahan. Jatah rokokku saben dina uga wis suda. Aku wis duwe sandhal mligi kanggo lelungan. Aku duwe sepatu rega sewidak ewu. Aku uga duwe clana jeans tukon supermarket. Rasane, aku saya bombong karo awakku dhewe. Katon ana undhak-undhakane.
Wah, malah dadi ngojahake awakku dhewe. Malah lali nyritakake Ayu. Ah! Arep wiwit saka endi ya? Ngene, becike takcritakake saka sing paling gampang tak-eling-eling. Ayu iku jenenge sing jangkep Ayuningtyas. Jeneng iku sing sepisanan mencutake atiku. Jenenge apik banget. Sebab, Ayuningtyas iku tegese ‘ati sing becik’. Kok wasis timen wong tuwane. Maringi jeneng anak ora waton. Temen-temen asma kinarya japa.
Ayu asli kelairan Kudus. Anak mbarep. Sedulure ana telu, lanang kabeh. Ayu lulusan perguruan tinggi, jurusan akuntansi, ing Jogja. Dheweke nyambut gawe ing penerbitan, uga ing Jogja. Patang wulan kepungkur umure wis jangkep pitulikur taun. Isih legan. Durung duwe calon.
Ayu iku ethes. Ora klemak-klemek. Yen lagi nandangi gaweyan, katon cak-cek. Yen lagi mlaku, rada beda kaya lumrahe prawan. Semune rikat. Ora kaya macan luwe. Nanging ora kesusu kaya wong selak kebelet. Yen guneman, teteh, cetha siji-siji mbaka siji, ukarane runtut, ngluwihi panjak kethoprak. Nanging semune lirih lan ulate luruh.
Aku seneng pendhak nyawang dheweke mangan. Blas ora keprungu kecape. Anteng. Ora nate diselani omongan. Ora dadak tolah-toleh. Jan ndemenakake. Apa maneh yen ngrungokake swarane liwat telpon. Hemmm, jan kaya swarane penyiar lagu dhangdhut lawas ing radio JPI Solo. Arum!
Pokoke, sapa wae sing ketemu dheweke, mesthi banjur kepencut, manut, lan katut, sengsem nyawang saparipolahe. Sesuk yen dhewe pinuju dolan mrene, kowe mesthi taktepungake karo dheweke.
***
Jenengku Ayu, Ayuningtyas. Umurku wis pitulikur taun kliwat patang wulan. Aku anak mbarep. Adhiku ana telu, lanang kabeh. Galih, sing paling tuwa wis lulus kuliah.
Duwe kanca lanang pirang-pirang, ora ana sasijia sing nyanthel. Senajan racake wis padha duwe gawean sing cetha, uripe mapan, wonge bagus, nanging durung mencutake ati. Kejaba mung siji. Jenenge Edi.
Aku kenal Edi rong taun kepungkur nalika liburan ing Bali. Dheweke ora duwe gawean sing gumathok, senajan dudu pengangguran. Cekake, sangretiku, dheweke srabutan. Kadhang kala dheweke kandha nampa gawean natah wayang. Liya dina, dheweke ngabari yen lagi pentas nabuhi kethoprak. Sok-sok, pamit seminggu lunga menyang Solo, Boyolali, Jawa Timur, lan kutha liyane, ndolani kanca-kancane. Nanging sing baku, sangretiku dheweke dodolan lukisan.
Sawise kenal Edi, aku jarang mulih menyang desa. Aku luwih betah ing Jogja. Meh saben telung dina pisan aku dolan menyang omahe. Ketemu dheweke, nonton lukisan-lukisane, ngancani mangan, ngobrol, guyon, lan sapiturute.
Aku rumangsa duwe daya nalika cedhak karo Edi. Aku seneng karo rembugane sing ajeg njalari wong liya seneng. Dheweke duwe pakulinan bombong sapa wae. Suwene rong tahun kekancan, durung nate krungu dheweke muni-muni, ngluputake wong liya. Dheweke duwe daya empati sing gedhe. Sapa sing sambat marang dheweke, mesthi dibebungah. Sapa sing rumangsa kurang, mesthi dituduhi kaluwihane, saengga dadi mongkok. Sapa sing rumangsa kebacut tumindak luput, mesthi digolekake pawadan sing bisa ditampa nalar, amrih ora rumangsa luput banget. Edi pancen luwih cocok dadi psikiater utawa motivator.
Nanging, Edi malah kepara kurang ngopeni awake dhewe. Aku isih kelingan, biyen, kanggo nyandhang resik wae, dheweke emeng. Mangane ora wayahan. Mung sa-elinge. Udude ora watesan. Kaya sepur. Omahe semrawut ora tumata. Aku trenyuh. Eman nyawang Edi. Kudune ora bakal kaya ngene yen Edi wis rabi.
Sabanjure, aku rumangsa dibutuhake nalika cedhak karo dheweke. Aku rumangsa ana gunane. Saben esuk aku telpon dheweke, ngelingake supaya enggal sarapan. Aku ajeg ngomong supaya Edi gelem nyuda rokoke. Pamrihe, ana dhuwit turah kanggo tuku clana lan klambi.
Saiki wis katon ana bedane. Dheweke bisa nampa owah-owahan iku. Aku bungah. Luwih dene bungah. Dheweke butuh ana sing nggatekake. Aku butuh dheweke. “Edi, aku tresna kowe!”
(Kapacak ing Harian Jogja, Minggu Kliwon 6 Juli 2008)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar