Minggu, 20 Juli 2008

SAUR MANUK

PENJARA PANCEN DUDU OMAH

Sugito HS

Tekan seprene, yen digagas-gagas, paling kepenak kuwi pancen urip ing pakunjaran. Kepiye olehe ora kepenak? Mangan, dijatah ajeg sedina ping telu. Gratis! Turu, duwe kamar dhewe-dhewe. Luwih-luwih sing kepetung tahanan ”elit”, wis jan ora beda nginep ing hotel. Fasilitas-e pepak! Kepara malah sok diwenehi kalonggaran kanggo plesir, nyawang kahanan njaba. Bisa uga malah kluyuran tekan luar negeri. Kabutuhan rohani, saben dina dicukupi, ora beda ing pesantren. Bakat lan minat diwadhahi. Kepenak ta!
Ewadene, kok ya klakon ana sing trima nekad mlayu, direwangi njebol empyak. Tuladhane, sing wingi, ing LP (Lembaga Pemasyarakatan) Ambarawa lan Banten. Mangka, ujare, ana sing masa tahanane mung kari sewulan iki. Kurang apa, coba? Apa ora malah cilaka, tiwas dadi buron polisi maneh!
Nanging, pancen kepiyea wae, diaranana LP; Lapas; Hotel Prodheo; utawa istilah liyane sing luwih ”manis” dirungokake kuping, sing jenenge penjara kuwi ya tetep penjara. Ora padha karo omah.
Senajan ing kono, bangunane tembok cor-coran anti gempa kandele ora jamak, kukuh-bakuh, ya meksa isih apik omah gedheg, nanging omahe dhewe. Senajan kancane akeh, isih meksa regeng yen mung wong loro, nanging karo bojone dhewe. Senajan mangan gratis, tetep luwih lega esuk mangan-sore pasa. Senajan diwenehi gawean, tetep luwih ayem lan seneng nganggur thethenguk ing emperan, disuguh kopi lan gorengan, ditambah esem manise bojo nalika ngulungake koran kanggo wacan. Senajan ora kendhat nampa pengajian, tetep luwih marem yen bisa misuh sora ing lapangan, ing ara-ara jembar, utawa ing jero kamar, nalika bojo lan anak ngguguk nangisi kahanane sing kecingkrangan.
Katone pancen remeh. Nanging, aja disepelekake hlo! Ceplose, penjara kuwi ora padha karo omah. Ing penjara ora ana sing nutupi wirang. Ing omah ana bojo sing tansah bisa ngaling-alingi lan nyimpen primpen wirang. Ing penjara ora ana sing njunjung lan nggunggung. Ing omah ana anak sing tansah mikul dhuwur. Ing penjara ora ana sing welas nyawang. Ing omah ana kluwarga sing tansah tulus asok katresnan. Ing omah ana oyod gegadhangan. Ing omah ana cikal katentreman.
Mbokmenawa, mung para jaka anyaran, mentas tetak, nedheng-nedhenge brahi, lagi mudheng prawan, sing ora nggagas lan ora duwe kangen marang omah.
Muga-muga, kanthi lelakone para narapidana sing padha mbradhat ”ucul” saka bui kuwi mau, awake dhewe dadi tansaya tresna marang omah; marang kluwarga; marang setyane bojo; marang tuluse anak. Muga-muga. Amin.

(dimuat di Harian Jogja, 13 Juli 2008)

Tidak ada komentar: