MARANG WEKTU
Ratna Dewi
upama kowe gelem mandheg sedhela
nunggu aku lan kancaku ing marga catur dhendha
nganti satekaku lan banjur kanthen asta
mbacutake laku
kowe aku lan kancaku
bareng ngguyu bareng nesu
mesthine urip nyata endahe
aja ndhangak dupeh krungu pangudarasaku
sebab iku dudu pisambat ing tengah laku
aja bungah rumangsa ngalahake aku
sebab iki dudu sayembara mlayu
aku ngreti iki pesthine Sing Muter Jagat
: dalanmu lempeng tanpa pepalang sing njalari randhat
: dalanku pating tlekuk kebak bebaya nyegat
: mokal kowe kasoran laku
: ora gampang ngoyak lakumu
aku manungsa
kowe kala
aku laku
kowe wektu
aku mlayu
kowe mlaku
aku prasapa
sawega
aku sumpah
tansah
puguh jejeg ing tengah lakumu
nganti ganep laku-darmaku
(dimuat di Harian Jogja 13 Juli 2008)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar