SEKAR MACAPAT GAMBUH
Ki Sasmita
piwelinge pra luhur
marang anak putu tuwin buyut
sumarambah marang canggah wareng sami
udheg-udheg gantung-siwur
denbisa tansah gumolong
guyub-rukun trus akur
kanthen asta tansah runtung-runtung
tunggal cipta cecongkrahan dipunsirik
musyawarah nuju sarju
mrih rahayu ayem-ayom
dipunsabar ing kalbu
jroning jaman ingkang rusak-mawut
lelandhesan tata-silaning agami
datan kendhat muji sokur
mring nugrahaning Ywang Manon
sarta kathah nyenyuwun
kinabulna darbe tekad teguh
puguh kukuh nora sangga-runggi
miyak marga ingkang rungkud
luru padhanging lelakon
(Dimuat di Harian Jogja 13 Juli 2008)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar