Minggu, 20 Juli 2008

CERKAK

TAMU TENGAH RINA

Tunjung Pratiwi


Wanci esuk, jam pitu luwih telung puluh lima menit, ing warunge Yu Marni. Dedi lungguh ing lincak ngarep warung. Dhewe. Ora ana kancane. Ora ana Syaiful, Tikno, Agus, utawa Totok, sing biasane ajeg sarapan ing kono, lan lagi menyat mangkat lunga yen wis kliwat jam wolu. Maklum, saiki dina minggu. Tur meneri tanggal tuwa. Mesthine padha mulih menyang desa, ngulihake asil anggone nyambut gawe, kanggo tukon susu anake. Yen Dedi ora melu mulih, mbokmenawa merga dheweke isih legan, durung duwe tanggungan. Utawa, malah kentekan sangu merga asile nyambut gawe ing bangunan wis tapis kanggo nutup utange marang Yu Marni. Tinimbang liyane, Dedi kepetung sing paling boros. Ingatase bayaran buruh tukang batu iku sedinane mung selawe ewu, dheweke saben dina rokokane Dji Sam Soe. Mangan, yen ora lawuh amis-amisan, ora kolu. Ngombe, yen ora legi tur kenthel ya ora gelem. Mung buruh bangunan nanging uripe ngemba kontraktor bangunan.
Tekan jam sanga kurang sepuluh menit, Dedi durung menyat saka lincak. Kang Parman, bojone Yu Marni, sing wiwit esuk mlebu-metu ngrewangi sing wedok tata-tata warunge, ketara bola-bali nyawang lan sedhela-sedhela gedhag-gedheg. Nganti pungkasane, Kang Parman kober nyelehake srebet sing wiwit mau disampirake pundhak tengen. Sabanjure, alon-alon metu saka lawang warung sing kidul, lan alon-alon lungguh ing sisih tengene Dedi. Sawise lungguhe mapan, dheweke mung nyawang mripate Dedi saka ngiringan. Ora suwe. Sebab, panyawange jebul banjur nurut ener sing disawang Dedi. Ing kana! Lurus. Ing ngarep. Adoh. Nglangut!
“Mbok ya wis ta, Ded. Esuk-esuk kok wis nglunthung rai. Suntrut. Sing kokpikir ki ya apa? Bojo ora duwe. Anak cetha durung. Njur kowe ki kabotan mikir apa? Mikir negara? Ra sah! Negara ki wis ana sing mikir dhewe. Kae, wakil rakyat kae dibayar gedhe kanggo mikir negarane. Awake dhewe ra prelu melu. Wong nek tanggale gajian, awake dhewe ya ora kecipratan kok.” Kang Parman semune maido. Ngomong kaya ngono tanpa nyawang Dedi, nanging malah disambi nglinthing mbako. “Kok ya dingaren kowe ora mulih bareng cah-cah wingi! Rak ya bar bayaran ta? Selawe ewu ping patbelas, telung-atus seket ewu….”
“Sampeyan sing kari ngetung, kepenak. Aku sing ngecakke bingung, Kang,” ujug-ujug Dedi medhot omongan. “Ora cukup! Kanggo tuku udud wae kurang.”
“Hla ya cetha! Wong kowe ya lumuh nglinthing,” Kang Parman ganti medhot. Tur karo ngulungake salencer rokok linthingan marang Dedi. “Durung dadi wong sugih wae gayamu kaya brewu!” Meneng sedhela lan ngempakake udud, banjur omong maneh, “Ning, mosok lagi nampa njur saiki wis entek, Ded?!”
“Kok sampeyan ra precaya ta, Kang?!” wangsulane Dedi katon methentheng.
“Hla precaya saka ngendi? Wong wiwit mau kowe ya ora crita nek bayarmu entek.”
“Aku durung crita, kok sampeyan wis ndhisiki ndakwa nek dhuwitku entek?!”
“Hehe…, ya mung ngira-ngira wae.” Kang Parman nggleges karo noleh mburi. Sajake arep mesthekake, bojone lagi neng ngarep apa neng pawon. Mbokmenawa, manut pikirane Kang Parman, yen Yu Marni krungu eyel-eyelan iki mau, mesthi banjur katut melu nimbrung. Yu Marni bakal mblakakake utange Dedi sing numpuk ing warung lan sabanjure bungah melu ngroyok Dedi. Nanging, jebul bojone, ora age-age mecungul.
“Kang, aku tak metu nyang apotik wetan prapatan ya,” ngreti-ngreti Dedi wis ngadeg. “Tulung mengko nek ana wong teka mrene sing nggoleki aku, kandhakna supaya gelem nunggu sedhela. Aku kudu tuku obat dhisik.”
Kang Parman ora wangsulan. Mung manthuk sepisan imbuh mripate semu mendelik nyawang Dedi. Mbokmenawa cingak. Lagi iki dheweke krungu yen Dedi ya butuh tuku obat.
***
Jam sewelas kurang limang menit, ing warunge Yu Marni. Sepi. Ora katon ana wong jajan. Jan ora ana babar pisan. Yu Marni ora katon. Kang Parman ora krungu swarane. Sepi.
“Kula nuwun…, kula nuwun…. Kula nuwun, Pak…. Kula nuwun, Bu…, kula nuwun….”
Ana wanita ngadeg pas ing ngarep lawang warunge Yu Marni sing sisih lor. Yen dititik saka sandhangane, ketara cah enom. Nganggo clana jeans ketat werna ireng, kaos ketat werna jambon, nyangking tas kain werna jambon, lan nganggo sandhal werna semu jambon.
“Mangga. Mangga, pinarak mlebet. Ngersakaken dhahar menapa? Ing ngriki napa dibungkus mawon, Mbak?” Yu Marni gupuh mbagekake wanita enom iku kaya lumrahe marang langganan warunge.
“Nyuwun ngapunten, Bu. Kula boten badhe tumbas sekul.”
“Oh, hla lajeng wonten prelu menapa?” Tanggap marang tamune sing ora gelem mlebu, Yu Marni banjur nyedhak. “Pripun? Saking pundi lan ajeng tindak pundi? Napa ajeng kepanggih sinten, ngaten?”
“Badhe kepanggih Mas Dedi.”
“Ooo…, Dedi ta! Nggih, nggih. Mangga pinarak lenggah riyin.”
Wanita iku lungguh ing lincak pas tilas sing dilungguhi Dedi esuk mau, rada mepet ngulon. Banjur ndhingkluk, banjur prembik-prembik, banjur sesenggukan, lan jebul nangis!
Yu Marni bingung. Tanpa ana jalarane, ujug-ujug tamune nangis. Arep takon ora wani. Mung nggegat-nggeget lambe. Semune ngampet. Embuh sing diampet.
“Dhik, Dhik! Wah, gawat, Dhik!” teka-teka, Kang Parman menggeh-menggeh kaya mentas mlayu karo ngathung-athungake amplop layang marang bojone. “Cilaka! Dedi over dosis ngombe pil tidur. Niyat nglalu! Iki layange Dedi kanggo pacare. Jare pacare mengko arep mrene merga ditundhung karo wong tuwane. Sebab, konangan kebacut meteng!”
“Mbak…!” Yu Marni nyandhak pundhake wanita, tamune. Ora ana tembung maneh.


Yogyakarta, Juli 2008
(Dimuat di Harian Jogja 13 Juli 2008)

Tidak ada komentar: