Minggu, 20 Juli 2008

SEKAR MACAPAT

Sekar Macapat Maskumambang

Ki Sasmita


adhuh-adhuh kadang sumitra kinasih
kenang apa sambat
ngaru-ara jelih-jelih
tetangisan mbuwang waspa

anggetuni kahanan ingkang nalisir
saking gegadhangan
tan narima marang pesthi
sedhih nggrantes trus nalangsa

eman-eman dhuh kadang ngrusakke pikir
myang lungkrahing raga
kadalarung temah gering
kecalan daya myang karsa

luwih becik pra kadang samya memuji
amrih pinaringan
kuwat lair klawan batin
tumandang ambudidaya

sokur-sokur pra kadang purun nyawiji
rukun mrih santosa
mbengkas pokal srei-drengki
mesu budi ambeg tama

(dimuat di Harian Jogja 20 Juli 2008)

Tidak ada komentar: