Minggu, 20 Juli 2008

GEGURITAN

Ing kene, tekan seprene

Ratna Dewi


I. podhang gandhang jalak mbranyak bethet crewet
glathik ngelik thilang nembang prenjak surak kutut ribut
ing mahoni jati trembesi
wulune beda
kuning ijo klawu soklat abang putih ireng
apese padha
ketulup kinala kepulut keplintheng

II. demung mbalung bonang nggembyang
kethuk ngguguk suling njempling
ing pendhapa gedhong ara-ara
unine beda
pelog slendro lirih sero kenceng kendho
nasibe padha
biru-garing kuru-aking

III. dhalang mayang sindhen sesendhon
penggurit njerit
ing panggung warung delanggung
patine padha
binungkem pinendhem

(suwung. bumi kelangan tembung)


(Dimuat di Harian Jogja 20 Juli 2008)

Tidak ada komentar: