Ngisor-ndhuwur Garing
Sugito HS
Mangsa ketiga wis teka tenan. Buktine, Gunungkidul wis opyak kangelan golek banyu. ”Nanging, iku dudu kabar anyar. Sebab, pancen wis ajeg pendhak ketiga, kabupaten iku mesthi garing,” ngono celathune kancaku nalika takjak rerasan. Pancen! Pancen bener! Ora prelu dirembug maneh yen mung prekara garinge Gunungkidul. Nanging, aja kesusu nyepelekake hlo! Taun iki ora mung Gunungkidul (kejaba kecamatan Ponjong). Saperangan desa sing klebu Bantul uga ngrasakake larange banyu (ora mung larange lenga). Ing Gamping Sleman semono uga. Akeh sumur sing asat, beda karo nalika mangsa ketiga sadurunge lindhu 27 Mei 2006. Kulonprogo, saperangan uga padha. Tangga wetan rangkah, Klaten, jebul ya sambat. Sedulur tani wurung nandur dhele, sebab sumelang yen ora panen. Arep ngelongi banyu rawa Jombor ora diidini, sebab luwih penting kanggo kabutuhane warung apung (tuntutan estetik). Ing Sragen, sawah-sawah trima diumbar bera merga pancen ora ana banyu tenan. Hla! Yen ngene iki rak kudu dirembug ta! Ora ketung mung sinambi nyokot gorengan ing warung angkringan.
Dhaerah sing kepetung ngisor (Bantul, Klaten, Sragen) garing. Dhaerah sing kepetung ndhuwur (Gunungkidul, Sleman, Kulonprogo) uga garing. Kok banjur ora ana pilihane! Aja-aja iki minangka lambang/sandi sing kudu diwiyak, diwaca, lan ditegesi. Ora apa-apa! Kena-kena wae. Awake dhewe iki rak pancen wis kulina othak-athik gathuk ta! Upamane wae, kahanan garing ing akeh papan iki banjur diwerdeni minangka pepeling tumrap awake dhewe, menawa Indonesia pancen lagi gariiing banget. Rak iya ta? Sing ana ing ngisor (rakyat) ”garing”, kesuwen tirakat sabar, ngampet samubarang karep. Sing ana ing ndhuwur (pejabat) ”garing”, kentekan akal kanggo kupiya ngemonah negara.
Aja dipikir banget! Senajan larang banyu, ora kudu dipikir nganti sirahe ngelu. Sing arep sholat, yen pancen ora ana banyu kanggo wudlu, isih bisa tayamum ta? Indonesia isih sugih lebu! Sing arep mangkat sekolah, ora kudu dadak adus! Syarate golek biji rak ora kudu resik! Ujare Cak Rojak, ”Sing penting sugih dhuwik”. Sing duwe sawah, leren dhisik. Ora panen pari ya apa-apa kok! Pemerintah isih kuwat impor beras. Utawa, yen kangelan tuku beras, mangsak gandum wae, kareben kaya wong manca! Sing duwe kebon, ora susah ditanduri dhele! Amerika saiki sugih dhele. Mengko rak ya dikirim mrene!
Garing iku prekara sepele. Sing baku, aja nganti saben taun kahanane kaya ngene. Isih ana wektu kanggo mbudidaya supaya klakon urip kerta-raharja. Rak iya ta? Saiki, becike ayo padha mesem bareng, mikir bareng, lan tumandang bareng. Sauger bareng, mesthi gayeng. Yen gayeng, saora-orane rada bisa seneng.
Oalah! Saben dina gaweanku kok mung ngglendheng....
(Dimuat di Harian Jogja 20 Juli 2008)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar