Jenang Pethak lan Jenang Abrit
Sindumurti
”Jenang pethak-jenang abrit menika nekseni pakartinipun bapa lan biyung minangka lantaran lairipun ponang jabang bayi ing alam padhang,” mekaten kirang-langkung, ujaripun para sepuh saben medhar werdinipun sesaji (jenang pethak-jenang abrit) minangka ubarampe ingkang mesthi wonten ing upacara adat menapa kemawon.
Jenang pethak minangka lambangipun kama ingkang mijil saking balung-sungsumipun bapa. Dene jenang abrit minangka lambangipun kama ingkang mijil saking biyung. Kama kekalihipun nyawiji nalika priya lan wanita saresmi. Manunggal, mapan ing guwa garbanipun wanita (calon biyung). Wungkul dados rah-daging. Gatra wujud bayi. Sinebulan ruh dening Gusti. Kinandhut, dangunipun nawa candra-dasa ari. Mijil cenger ing jagat padhang. Ginulawenthah kanthi tulus minangka kanugrahan.
Jenang pethak-jenang abrit namung sesaji ingkang prasaja. Namung sekul beras pethak sakepel (jenang pethak) lan sekul beras pethak sakepel tinumpangan gendhis Jawi (jenang abrit) kanthi winadhahan takir. Prasaja sanget. Boten elok. Sanes sesaji ingkang awis ragadipun. Sanes sesaji ingkang angel caranipun nyawisaken.
Jenang pethak-jenang abrit menika namung sesaji. Sesaji menika namung lambang. Lambang menika boten aji, kejawi mawi dipuntegesi. Jenang pethak-jenang abrit menika namung sesaji ingkang prasaja. Nanging, saestu kebak makna. Sumangga kersa anggenipun badhe negesi. Sumangga kersa anggenipun badhe nyukani makna. Semanten ugi, sumangga kersa menawi lajeng boten prelu dipuntegesi utawi boten piguna dipunsukani makna.
Nanging, bapa lan biyung menika saestu nyata. Inggih tetela bapa lan biyung ingkang minangka lantaranipun gesang. Inggih namung bapa ingkang sembada nggulawenthah putra. Inggih namung biyung ingkang tresnanipun ageng ngungkuli gunung. Inggih namung bapa ingkang lila-legawa kepradhah nalika anak polah. Inggih namung biyung ingkang boten kendhat ngugung lan njurung. Boten wonten ingkang kados dene bapa-biyung nalika tulus ngalembana. Mekaten ugi nalika muntab lan lajeng ndhawahaken deduka.
Jenang pethak-jenang abrit menika saestu suka pemut dhumateng kula lan panjenengan sedaya. Jenang pethak-jenang abrit menika saestu pitutur ingkang prasaja, nanging cetha. Jenang pethak-jenang abrit menika kabudayan ingkang saestu edi-luhung. Jenang pethak-jenang abrit menika tandha bukti sokur dhumateng kanugrahanipun Gusti ingkang Maha-agung.
Matur nuwun, Bapa. Matur nuwun, Biyung.
(Dimuat di Harian Jogja 20 Juli 2008)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar