Minggu, 20 Juli 2008

CERKAK

Antarane Bekti lan Wani

Indrawan


Angel! Urip pancen angel. Hehe..., malah kaya lagune Koes Plus. Nanging kuwi tenan hlo! Nyatane pancen ngono kok. Tuladhane ora susah tekan kana-kana. Cukup awakku dhewe. Wis! Pokoke ora prelu golek pengilon menyang endi-endi. Cukup ngilo marang lelakonku dhewe. Yen ngendikane Pak Tukiran, sing dodol angkringan lor mejid kae, ”Noleha githokmu dhewe”. Angel ta? Gek njur piye? Carane noleh githok kuwi hlo! Hla yen noleh githoke wong liya ngono wae gampang. Kepara malah ora dadak kangelan noleh. Disawang saka mburi wae cetha ngegla. Iya ta? Hayo botohan apa piye? Sapa sing saguh noleh githoke dhewe? Aja dhing! Mengko yen gulune kepuntir malah cilaka.
Hemmm..., susah. Susah tenan! Arep nyritakake uripku dhewe wae susah. Arep takwiwiti saka sing endi, coba? Saka sing paling nyenengake? Kamangka ora sing nyenengake sasijia. Susah ta? Arep takwiwiti crita saka sing paling ora nyenengake, ya kangelan maneh. Wong nyatane kabeh ora nyenengake. Piye? Ya wis, takcrita mbaka sethithik. Tinimbang diarani mung ndobos.
Gandheng aku saiki lagi sedhih mikir calon, maksudku calon ibune anak-anakku. Sssst! Aja ngguyu! Iki crita tenan. Sumpah! Asli crita uripku. Hlo! Ora precaya ta. Senengane kok nyepelekake. Ala-ala aku rak ya wong lanang. Yen wong lanang wis diwasa banjur mikir wanita kuwi rak wis lumrah ta! Mula, saiki takcrita. Rungokna!
Rong taun kepungkur, nalika umurku ganep nemlikur taun, bapakku, Pak Saimin kae, sing biasa ora duwe gunem, hla kok ngreti-ngreti salin srengat. Nalika iku wancine sore. Kira-kira jam papat, dinane Senen Pon, sasi Jumadil Awal. Aku wis dandan mlithit. Nganggo clana jeans ireng, sepatu kulit ireng, kaos oblong ireng, jaket kulit ireng, nyangklong tas ireng, rambutku taklengani kileng-kileng. Niyatku arep budhal menyang Surabaya, dolan ing omahe Cak Radi, juragan sepatu, sing biyen nate takngengeri lawase telung taun. Durung nganti pamit, isih lungguh ing kursi ruwang tamu, bapak nyedhaki aku. ”Kowe saiki wis gedhe, Wan. Wis isa golek dhuwit dhewe, wis kuwat nyandhang dhewe, lan umurmu ya wis kliwat selawe,” ngono ngendikane bapak. Aku meneng, nunggu ukara bacute. ”Yen pancen kowe saiki wis pengin omah-omah, ya wis sakarepmu. Tegese, aku karo ibumu mung isa mengestoni. Kahanane omah kene iki rak ya kowe wis ngreti dhewe. Awake dhewe iki dudu wong duwe. Mangka, ragade wong rabi jaman saiki kuwi ora cukup sapi loro. Upamane pancen wis ana sing arep kokjak omah-omah, ya gek ndang kandhakna, njur taktembungke wong-tuwane. Ning, aja kesusu mikir ijab dhisik. Delengen, kira-kira celenganmu wis cukup apa durung kanggo ragad. Lan sing luwih wigati, aja nganti lali welinge simbahmu biyen.”
Tekan ”... welinge simbahmu biyen,” kuwi, aku njur mak jenggirat. Tas sing wis takcangklongake pundhak, sidane taklorod, taksendhekake sikil meja. Atiku nratap. Aja-aja bapak wis priksa yen saiki aku lagi gandheng bocah, tur rada tenanan. Wah, cilaka iki! Yen nganti ditlesih tekan endi-endi rak repot ta iki!
Sebab ngene, biyen simbah pancen wanti-wanti mligi bab sapa sing arep takjak urip saomah iki. Karang wong biyen, mula ya akeh-akeh wewalere. Hla iki! Iki sing satemene marakake susah. Sepisan, simbah meling supaya aku kudu rabi karo bocah sing asale saka kidul-kulon utawa lor-wetan. Angel ta? Angel! Apa ya lumrah yen saben kenal prawan banjur ditakoni, ”Omahmu prenahe neng kidul-kulon apa lor-kulon? Lor-wetan apa kidul-wetan?” banjur yen prenahe pener lagi dibacutake tepungan sebab kira-kira bakale jodho. Hayo coba pikiren! Jane rabi kuwi sing penting wonge apa omahe? Apa kowe gelem, rabi karo randha umur seketlima dupeh asale saka kidul-kulon?
Kuwi mau lagi prekara asale. Sing kepindho, simbah wanti-wanti supaya aku ora rabi karo sing klairane dina Wage, sebab klairanku Paing. Tansaya angel ta! Apa tumon, kenal prawan kok sing ditakokake dina wetone. Luput bejane bisa malah dikira arep ndhukunake, arep melet, supaya bocahe bisa ter-kinthil-kinthil karo awake dhewe. Ewuh ta! Dikandhani kok ora precaya.
Iki mau lagi rong prekara. Isih ana maneh. Simbah uga ngendika menawa anak mbarep kuwi ora oleh rabi karo anak nomer telu. Kamangka aku kuwi anak mbarep. Ora mung mbarep. Ya mbarep, ya ragil, karang anak ontang-anting. Eee, hla kok ya isih kena pepali maneh. Wis ora oleh karo sing asale ngidul-ngetan lan ngalor-ngulon, ora oleh entuk sing wetone wage, isih dipeksa ora kena oleh anak nomer telu.
Kok ya ndilalah, bejane awak kok dadak lair wetone Paing lan otang-anting. Bejane maneh kok ya pinesthi lair ing kene lan dadi putune simbah.
Mula saka iku, nalika bapak ngendika ngono mau, sawise nratapku ilang, aku banjur matur, “Boten sah menggalih bab niku riyin, Pak. Kula dereng pengin omah-omah riyin. Dereng marem leh kumpul kanca,” Pamrihku, supaya bapak banjur ora takon werna-werna. Hla yen nganti takon sapa pacarku, omahe ing endi, wetone apa, anak nomer pira, rak cilaka ta!
Embuh apa pawadane dene kluwargaku duwe pepali ngono kuwi. Aku mung bisa ngestokake. Ora merga wedi kena walat yen nganti takterak. Aku mung emoh rame, eyel-eyelan karo simbah, bapak, apa maneh ibu. Aku emoh yen banjur diarani keminter dupeh wis sekolah nganti tekan perguruan tinggi banjur lali marang asale. Aku emoh dialoki tangga kiwa tengen. Ingatase wong sadesa padha mituhu dhawuhe simbah-kakungku, ngajeni bapakku, jebul aku sing putune, anake, malah mblandhang-ujar sakarepe dhewe.
Lagi saiki aku bisa blaka karo kowe, senajan kowe calon bojoku. Ing kene, seksenana, Cah Ayu. Senajan simbah lan bapak sing wis bali ing alam kelanggengan, gela lan cuwa, nanging kowe tetep bakal dadi bojoku. Senajan kowe saka lor-kulon, weton Wage, anak nomer telu, nanging tetep bakal dadi bojoku, Laras. Aku yakin, ibu mesthi mengestoni. Lan, ibu mesthi bakal bisa ngrimuk simbah lan bapak. Lan, simbah mesthi kersa paring pangestu saka kaswargan kana. Lan, bapak mesthi mesem-ngguyu ing swarga, nyawang mantune sing ayune kaya Supraba. Aku yakin simbah lan bapak tresna banget marang aku, Laras. Simbah lan bapak mesthi aweh pangapura sebab aku ora kuwat mundhi pepali. Simbah lan bapak mesthi bungah duwe mantu kowe, Laras. Sebab aku yakin, aku ora kleru pilih.

Yogyakarta, Juli 2008

(Dimuat di Harian Jogja 20 Juli 2008)

Tidak ada komentar: