Minggu, 27 Juli 2008

GEGURITAN

Cathetan Stasiun

J. Respati

Simbok bakul, kebaya biru, wiron udhar
dagangan wayu, esem mubyar
puluhan taun
tegal sawah stasiun
isih tanggon
tuna dudu pupute lakon

Sira Cah Ayu, kaos ijo persis umurmu
dagangan anget, antri sing tuku
eman, lambe mithet jebles clanamu

iki mung stasiun
ana sing munggah ana sing mudhun
kadhang sumringah kadhang muwun

Simbok bakul mapag surup
nyangklong tatu erem ngindhit bathi njarem
lakune jejeg netrane murub lathine mesem atine marem

durung tutug lakonmu
iki mung stasiun
mesema, Cah Ayu

Lempuyangan, 14 Oktober 2007

Harian Jogja, Minggu Kliwon, 6 Juli 2008

Tidak ada komentar: