Sekar macapat megatruh
Dening: Ki Sasmita
wis lumrahe jejaka seneng ambambung
datan mikir warni-warni
yen esuk nongkrong ing warung
jejagongan sandhing kopi
omongane ngetan-ngulon
yen wis awan rerombongan grudag-grudug
tekade nyenyeneng ati
kumpul kanca waton srawung
turut dalan pating dlajig
tan maelu aloke wong
tekan wengi betah melek ora turu
betah ora kober mulih
ana wae sing dirembug
rumangsane sampun bangkit
mikir urip ingkang abot
adhuh dhimas para mudha kadang-ingsun
eling-eling aja lali
akeh blahine wong srawung
yen tan nganggo ngati-ngati
prayogane amilih wong
(dimuat di Harian Jogja, Minggu Legi, 27 Juli 2008)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar