Kamis, 07 Agustus 2008

GEGURITAN

Lali Janji
: dening M. Ahmad Jalidu


Dadi wingi kowe lali?
Dadi wingi kowe mikir liya?
Ya...
pancen lumrah.
Kowe manungsa, isih bisa lena
Kowe dudu nabi, dadi lumrah yen lola lali

Nyata aku uga manungsa
Getihku butheg kaya getihmu
Mripatku teles kaya duwekmu

Nanging kena apa aku ora lali
Wingi bengi, ing pretelon kae nganti jam-jaman
Aku panggah lungguh nggresah
Ngenteni kowe nyunggi janji

Dina iki aku ora tetep ora lali
Ora lali, lan ora bakal lali
Wingi bengi, kowe blenjani janji

Nogotirto, September 2006


*** geguritan ini telah dimuat di Majalah Penyebar Semangat edisi 12, 24 Maret 2007.

Tidak ada komentar: