Kenangan Biru
: dening Apriyanti
kokgoleki ing remukan bata
ing ngisor
ing cleptan tembok sing rubuh ing pinggir dalan
tetesing luh sing mecut lakumu sedya nambani kangen
raga-raga ngganda lemah iku sing nuntun laku mecaki kenangan
ing pinggir kidul kuthaku sing istimewa
kenanganmu kabeset lan katuweg panalangsa
angler ing wengi kang adhem lan peteng
tanpa kemul tanpa swara
swara-swara sing keprungu wingi isih ajeg ngancani
ing kene
ing kutha iki
sikilku lan sikilmu
njumputi donga biru
ngarep-arep asihe Gusti kang wignya
ketemu lan pinasthi
Jogja, September 2006
*** telah dimuat di majalah Jayabaya no 29, Maret 2007.
1 komentar:
tan bisa ginunggung kepriye rasane ati karoban bingung, mbabar rahsa tanpa wangenan, nglambrang nglayang tanpa wates mecaki dalan - dalan sepi kaya - kaya bakal takon, carane nggabung sleng piye mas???
Posting Komentar