Pengin Dadi....
dening Esha Dipa
Iki critaku. Utawa, luwih jangkepe, iki crita bab anakku. Lan, andharane kaya mangkene, aku nikah karo Yanti, adhi angkatanku nalika kuliah ing Malang, limalas taun kepungkur. Tekan saiki aku lan Yanti wis diparingi anak loro. Anakku sing mbarep, lanang, jenenge Kukuh Adisedya, umure saiki wis ngancik patbelas taun. Dene sing ragil, lair wadon, takjenengi Septi Prihatin, jumbuh karo dina klairane sing mbarengi tragedi WTC sewelas September 2001.
Kukuh, anakku sing mbarep saiki wis kelas siji ing sawijine SMP swasta ing Yogya, papanku lan Yanti, bojoku, omah-omah wiwit patang taun kepungkur. Si Septi lagi kelas siji SD ing Magetan, sebab wiwit dheweke mlebu TK, simbahe, bapak lan ibuku, ngersakake putune wadon iku disekolahake ing desa wae. Pamrihe kena kanggo nyapih rasa kangene marang aku, sebab aku anak ontang-anting.
Sabanjure, bakal takwiwiti nyritakake si Kukuh luwih dhisik. Ora jalaran Kukuh lair lanang, anak mbarep, banjur aku minangka bapake, emban cindhe-emban siladan, luwih tresna anak lanang. Ngemungake anggonku milih nyritakake Kukuh luwih dhisik iki jalaran dheweke sing urip saomah ing Yogya kene.
Durung suwe iki Kukuh wis njalari ibune muring-muring, ora mung marang dheweke, nanging malah luwih muring-muring tenan marang aku. Nalare mangkene, aku senajan jejer wong lanang, dadi kepala rumah-tangga, nanging malah kaya ibu rumah-tangga. Wektuku luwih akeh ing omah tinimbang Yanti. Ora jalaran aku tanpa nyambut gawe. Nanging jalaran profesiku lan profesine bojoku adoh sungsate. Yanti ora duwe wektu sing turah rada akeh kanggo lungguh jenak ing omah sebab dheweke nyambut gawe dadi karyawan bank. Saengga rutinitase cetha, mangkat esuk-mulih sore. Tekan omah mung kari kesele. Ora pati kober nggatekake paripolahe Kukuh, kejaba nalika sinau pendhak mentas isya’.
Beda karo aku. Meh pendhak dina, wiwit esuk nganti surup, aku pijer ing omah lan luwih duwe kalodhangan kanggo nggatekake anakku barep, mligine ing bab srawunge, sebab tegal-sawahku ing panggung seni sing racake lagi mangkat nyambut gawe yen srengenge wis angslup. Kuwi wae ora pendhak dina. Seminggu bisa metu bengi ping telu wae kepetung wis begja, sebab asile wis meh bisa madhani gajine Yanti sawulan.
Jalaran kahanan sing kaya ngene iki, nalika wingi anake mbarep nylemong arep mandheg, emoh mbacutake sekolah, Yanti nguring-uring aku nganti entek amek-kurang golek.
“Duwe anak lanang siji wae kok arep niru bapake. Kowe seneng yen kaya bapakmu?! Saben dina metu bengi, mulih-mulih wis adan subuh, tangine ajeg pendhak krungu bedhug luhur. Saben dina dicatur tangga, wong lanang ora doyan gawe. Arepa asile gedhe kae yen ora omahan kuwi ya ora apik. Kaya wong ora duwe anak-bojo. Coba yen biyen kuliahe dirampungke. Mesthi ora kaya ngono. Wis, saiki kowe arep tiru-tiru bapakmu?!” celathune bojoku marang Kukuh nalika iku.
Senajan nalika iku aku uga ana, lungguh ing sisihe, nanging aku milih meneng, ora nanduki ujare Yanti. Takdhadha, pancen sekolahku biyen ora rampung. Nanging ora banjur tanpa panggautan, nglirwakake anak lan bojo. Wong nyatane Yanti ya klakon gelem dadi bojoku kok. Coba yen aku ora cekel gawe, mesthi dheweke emoh nalika biyen taktembung, takjak urip bareng. Lan aku trima ethok-ethok ora krungu. Kareben diarani budheg, sing penting ora gegeran mbrebegi tangga. Wis, disekarep wae. Yen lagi pengin nesu, ya katog-katogna kono, batinku nalika iku.
“Aku pengin dadi tukang becak, Bu,” wangsulane Kukuh mbantah ibune. “Dadi tukang becak ora prelu kudu sekolah dhuwur. Sing penting gelem mancal. Tur, pahalane akeh.”
Ora mung Yanti sing kaget krungu pawadane Kukuh emoh mbacutake sekolah. Aku dhewe melu njomblak. Hla kok cendhak timen nalare anakku iki, batinku. Nanging bareng takgagas, tinemu lumrah yen Kukuh duwe cita-cita pengin dadi tukang becak. Piye anggone ora meng-idola-kan tukang becak, wong saben mangkat lan mulih sekolah, wiwit isih SD tekan saiki, ajeg diterake lan dipethuk Lik Paidi nganggo becak. Ibune semono uga, pendhak blanja menyang pasar utawa mangkat arisan ya numpak becak, sebab dheweke trauma ora gelem nyepedha montor jalaran nate kecelakaan karo aku jaman isih pacaran biyen. Bokmenawa, mungguh nalare Kukuh, dadi tukang becak iku pakaryan sing mulya drajade senajan ora mingsra asile. Ana-ana wae nalare bocah.
Begjane, Yanti bisa nampa nalare Kukuh sing pancen isih bocah, lan ora tansaya mempeng mbacutake nesune. Nanging, yen nyawang glagate, dheweke tetep isih nyalahake aku ing prekara iki. Bokmenawa aku dianggep dadi sumbere prekara jalaran gawe trauma nganti ora wani nunggang sepedha montor lan banjur dadi akrab karo becak. Ya wis sakarepe. Sing penting isih tresna marang aku lan gemati ngemong anake lanang. Mokal yen suwene-suwe Kukuh ora mundhak nalare. Mengko rak ya mulur lan bisa mudheng tegese sekolah. Sekolah golek ngelmu, dudu sekolah golek ijasah kanggo luru gawean.
Hla, eloke, lelakon iki tiba kosokbalen karo critane anakku wadon, si Septi, sing melu simbahe ing Magetan kana. Wingi nalika wanci prei dawa, aku, Yanti, lan Kukuh endhang mulih ing desa. Ing sawijine wengi, nalika bareng nonton TV, ibuku njawil mantune, “Anakmu kuwi lucu tenan kok Ndhuk,” ngendikane karo nuding Septi sing njinggleng nonton berita ing TV.
“Hla pripun ta?” Bojoku nlesih marang ibu
“Tanggapen dhewe, mengko rak ngguyokke. Takonana apa cita-citane.”
Bojoku manut. Anake wadon banjur diundang, “Septi, mrene Dhik. Ibu pengin takon.”
Anakku wadon noleh lan semrinthil nyedhaki ibune.
“Adhik besuk yen wis gedhe pengin dadi apa hayo?” pitakone Yanti sambi ngambung pipi tengene Septi.
“Aku pengin dadi … koruptor!”
Krungu wangsulane Septi, simbahe lanang-wadon kemekelen. Yanti katon mak plenggong, ngowoh tanpa kumecap. Aku dhewe meneng senajan satemene bengka, ngampet guyu.
“Bodho! Koruptor kuwi wong elek. Apik dadi tukang becak. Amale akeh. Pahalane gedhe,” Kukuh ngeyeli adhine.
“Tapi, koruptor rak terkenal, ya Mbah. Saben dina metu neng TV kok,” wangsulane Septi emoh kalah karo ngoyog-oyog tangane simbah kakunge.
Geeerrr. Pungkasane wong saomah ger-geran. Takkira ora jalaran lucu. Nanging jalaran ora ana cara liya kanggo nampa penemumu Septi. Mesthi wae ora kuwawa ngambah alam nalare bocah sing prasaja nanging ora lumrah mungguhe wong tuwa.***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar