Nasibe Laron
Agni Nurjati
“Uripmu kok kaya laron ta, Din.”
“Kaya laron piye ta, Mas?
“Kaya laron ya kaya laron! Kok malah takon. Hla wong sing kudune luwih bisa ngrasakke kuwi ya kowe dhewe. Ora malah nunggu diwenehi ngreti wong liya. Rak kebangeten ta, yen uripe dhewe kepiye wae kok nganti ora dunung. Saking dene ndablegmu, apa pancen ngene iki wis jumbuh karo karepmu?”
“Aku kok malah saya ora dhong ta, Mas.”
“Mula kuwi, kowe ki jane niyat apa ora?”
“Lho! Niyat apa maneh iki?”
“Heemm…, suwe-suwe aku malah nesu dhewe kok, yen ngene iki. Hla wong wong gerang sakowe kok dijak rembugan wigati meksa ora nyandhak. Malah plonga-plongo ngowoh ngalahke bayi. Isih luwung bayi kae sok nganggo mesam-mesem dhewe utawa sok-sok ya nangis barang. Hla yen kowe! Upama mesem kok ora katon sumringahe. Ning, yen nangis kok ya ora katon njuwewek. Mbingungke tenan nyrateni kowe ki.”
“Hla sing akon sampeyan supaya nyrateni aku ki ya sapa?”
“Wah, malah saya ora genah. Mosok wong urip ora oleh nggagas liyan? Urip kekancan seprana-seprene kok ora jumbuh rasane ta, awake dhewe iki?”
“Heh, sing kandha ora jumbuh kuwi ya sapa? Sing ora ngolehke kowe nggagas aku kuwi ya sapa? Aku dhewe malah bingung, olehmu nyawang uripku kuwi nganggo kacamripate sapa?”
“Ya ora nganggo kacamripat! Mripat isih waras ngene kok dianggep minus ki, rumangsamu apa!”
“Ngene hlo, Mas. Aku wis ngreti. Karepmu rak ngluputke aku bab olehku kalah njago caleg wingi kuwi ta? Njur yen aku kalah apa kuwi kleru?!”
“Yagene wis dhong! Hla kuwi, Din. Kuwi sing neng ngarep mau tak-arani, nasibmu kaya laron.”
“Nalare?”
“Ngene, apa ora muspra kabeh labuh-labetmu marang wong akeh salawase iki? Pirang-pirang taun, wektumu mligi koksokake kanggo ngurusi desa iki. Samubarang sesambate wong-wong ing kene kokturuti. Nganti saiki njur kasil tenan. Wong-wong kae kudu ngakoni, yen majune pertanian ing kene iku saka pambudidayamu, wiwit saka wira-wiri ngubengke proposal gawe wadhuk lan saluran irigasine, tekan olehmu pethenthengan mbelani supaya Kang Saman, Lik Wiro, lan aku kudu nandur pari lan sayuran organik. Semono uga wong-wong kae ya kudu matur nuwun. Sebab si Hendi, Wawan, Aris, lan Antok kae ora bakal kuwat tuku udud yen ora jalaran nganti kokrewangi nggolekke tenaga kanggo menehi workshop kerajinan tangan. Rak iya ta? Apa klakon dha mandhiri yen ora koklabuhi tombok kanggo adeg pasar desa!”
“Njur sambung-rapete karo wong nyalon legislatif kuwi neng sisih endi? Takgagas-gagas kok olehmu ngethuprus nganti mimiren kuwi mau ora ana gayute babar pisan. Iki kuwi arep rembugan apa, coba? Yen ngene iki rak ya oleh ta, yen aku ganti takon, sampeyan kuwi dhong apa ora, hayo?”
“Ehlo! Genah wis tak-andharke tharik-tharik ngono kok! Piye ta kowe ki, Din?!”
“Iya, aku mudheng. Ning, kuwi mau rak manut karepmu. Dudu karepku!”
“Piye kuwi?”
“Genti aku sing takon, jawaben! Sing njurung-njurung aku ndhaftar caleg, sapa?”
“Aku.”
“Sing yakin yen aku mesthi kepilih, sapa?”
“Aku.”
“Hla, sing saiki gela, cuwa, ora trima, yen jebule aku ora kepilih, sapa? Sampeyan ta?!”
“Iya. Ning …,”
“Ora sah dadak nganggo nanging, Mas. Yen biyen aku duwe niyat kudu mbudidaya amrih pertanian ing kene dadi maju iku jalaran aku rumangsa lair lan titip mendhem kakang kawah-adhi ari-ari ing bumi kene, Mas. Iki desa klairanku. Rak wis samesthine ta! Ora beda nalika aku ngopyak-opyak cah-cah kae supaya gelem melu pelatihan gawe kerajinan tangan, sebab Hendi, Wawan, Aris lan Antok kae kancaku ngarit lan angon wedhus jaman isih cilik. Apa yen duwe pepenginan kaya kantebane Mangkunegara, “tiji-tibeh” mati siji-mati kabeh, mukti siji mukti kabeh, kuwi kleru?
“Ning …,”
“Wis ta, Mas. Aku ngreti. Sapa sing ora pengin duwe bayar gedhe nglungguhi kursi DPRD. Sapa sing ora pengin mukti kajen-keringan dadi wakil rakyat. Aku ya pengin, Mas. Nanging, sampeyan rak ya ngreti dhewe, politik iku ora kaya angen-angenmu lan angen-angenku. Wakil rakyat sing diarani legislatif iku ora kaya sing koksengguh, Mas. Yen wingi aku nuruti karepmu njago caleg, ora jalaran aku sarujuk karo karepmu, nanging aku pengin supaya sampeyan mengkone weruh lan ngrasakke dhewe apa ta sing jenenge politik. Hla, saiki sampeyan wis klakon ngrasakke ta! Lan saiki, sing pantes diarani kaya laron sapa? Aku apa sampeyan?”
“Ning …,”
***
Embuh sapa sing pantes diarani laron. Bokmenawa pancen Komarudin. Uga bokmenawa pancen luwih pantes Mas Suprapto. Utawa jebul malah kekarone. Bisa uga jebul akeh banget sing nasibe kaya laron.
Laron iku mesakake banget. Direwangi tapa, ora mung wilangan dina, supaya bisa metu lan mabur ing awang-awang. Nanging apa, bisa metu pendhak setaun pisan wae, lagi muntup-muntup saka leng, wis kesusu dithuthul pitik. Upama bisa endha lan kasil mabur, tan wurung bakal ditubruk kucing. Upamane isih meksa diparingi slamet, mesthi bakal ana tangan-tangan menungsa sing jumputi, embuh kanggo dipangan lawaran utawa dadak digoreng. Melas banget nasibmu, Laron.***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar