Jumat, 24 Oktober 2008

CERITA CEKAK

Pawongan Misterius
Supadmi

Wis takbatang, pawongan iku mesthi bakal teka maneh. Wis patang dina iki dheweke ajeg katon ing kene, papanku nyambut gawe saben dinane. Ora lidok, dina iki dheweke mecungul tenan. Eloke, wancine ora tau geseh, tekane pijer antarane bar adan luhur nganti jam siji. Aku durung tau ngonangi dheweke mrene wanci esuk, sore, utawa bengi.
Dina iki dheweke teka nganggo clana dawa ireng alus, setrikan mlithit. Rada beda karo wingi, saiki dheweke ora nganggo kaos oblong nanging hem lengen dawa werna abang tuwa, kathik dilinthing tekan sikut barang. Rambute panggah dilengani lan disisir mlipis. Sepatune beda karo sing di-anggo dhek wingi, luwih dhuwur hak-e lan luwih kinclong ireng meleng-meleng.
Satemene tekan seprene aku durung wanuh karo pawongan iku senajan suwene patang dina iki saparipolahe ing kene pijer tak-ulati, takjingglengi, lan taktiteni. Nitik saka pasuryane, bokmenawa umure ora kacek adoh karo aku. Satuwa-tuwane, takkira ora bakal punjul saka sangalikur taun. Batanganku iki kudune ora kleru. Sebab dhasarku cetha, umurku saiki nemlikur taun lan mesthine luwih enom tinimbang dheweke. Mokal yen umure luwih saka telungpuluh. Sebab kudune yen umur semono wis omah-omah. Kamangka saben mrene, ajeg ijen ora ana kancane, apa maneh kanca wadon. Ateges, manut pangiraku, dheweke isih jaka lan umure antarane pitulikur tekan sangalikur taun.
Saiki dheweke wis lungguh ing kursi pojok wetan, prenahe ing meja nomer telu. Elok! Saben mrene, dheweke ajeg milih lungguh ing kursi iku. Kok bejane, ndilalah, uger dheweke teka, kursi ing meja nomer telu iku mesthi pinuju kosong, ora ana sing nglungguhi. Eloke maneh, nalika wis mapan lungguh, mripate ora banjur nyawang swasana ing njaba liwat cendhela sing ngoblah-oblah ing sisih tengene. Kudune luwih marem nyawang tetamanan sing kebak kembang, blumbang bening kebak iwak, lan ngrungokake swara banyu kemricik saka pager tembok sing diistha dadi grojogan cilik iku tinimbang mung ngethekur mandeng asbak, wadhah tisu, wadhah sambel, wadhah kecap, wadhah saos, lan wadhah biting kanggo cecukil slilit ing ndhuwur meja.
Isih ana sing elok maneh! Saben mrene dheweke mesthi mung tuku es jus tomat rong gelas. Ora tau tuku liyane. Ora tuku sega, ora tuku camilan, uga ora tuku rokok. Uger jus tomat pesenane wis dadi, banjur tak-aterake lan dheweke taksumanggakake ngombe, wangsulane mesthi padha: “Matur nuwun, Mbak” karo nangkepake dlamakan tangan kekarone, kaya patrape wong nyembah, diwuwuhi manthuk lan mesem. Anehe, ora let sedhela, durung nganti aku ngungkuri mejane, dheweke banjur omong, “Ayo diminum jusnya” karo nggeser sing sagelas, diprenahake maju, kaya-kaya ana wong sing nglungguhi kursi sangarepe, lan disuguhi es jus tomat mau.
“Lagi ndeleng sapa ta, Rin?” Swara pitakone Mbak Wati ngowahi panyawangku marang pawongan elok, eh, aneh iku mau. “Iki, terna pesenane Mas-e kae,” pakone karo ngulungake es jus tomat rong gelas.
Ora prelu dadak ditudingake wong-e, aku yakin yen jus iki mesthi kanggo pawongan sing taksawang lan takrasani wiwit mau. Beda karo padatan, tanpa sranta aku nyaut nampan lan mbungahi ngaterake rong gelas es jus tomat menyang meja nomer telu. Pikiranku uga rada beda. Karo mlaku, aku nggagas piye yen mentas nyelehake gelas, banjur lungguh ing kursi sangarepe dheweke, pawongan “aneh” iku. Aku uga nyoba ngreka ukara kanggo miwiti tetepungan lan mbacutake jejagongan karo dheweke. Aku pengin ngreti sapa sejatine dheweke.
Durung nganti rerekan ukaraku dadi, jebul jangkahku wis tekan sisih tengen kursine. Age-age, gelas es jus tomat tak-udhunake saka nampan siji baka siji, takselehake ing mejane.
“Menika unjukanipun, Mas,” aturku marang dheweke karo ngathungake driji jempol tangan tengenku, kaya biyasane wong nyaosake suguhan marang tamu kae.
“Inggih, matur nuwun, Mbak,” wangsulane marang aku karo isih panggah kaya wingi, tangane kaya wong nyembah lan sirahe manthuk sethithik banjur mesem manis banget.
Nanging ana sing beda. Ritual nggeser gelas ora ditindakake. Semono uga ukara “Ayo diminum jusnya” iku. Bokmenawa dheweke tanggap marang owah-owahanku. Biyasane rampung krungu atur panuwun aku banjur malik klepat lan ngujlug bali ing papan maune. Kamangka saiki ora. Saiki aku isih tetep ngadeg ing sisih tengene karo ndekep nampan. Mesthine dheweke bingung tan kepengin takon jalarane. Lan dheweke takon tekan, nanging ora liwat omongan, mung liwat panyawang. Mripate mandeng aku, alise mengkerut mudhun, lan lambene menga sethithik. Ketara, dheweke ngrasakake ana sing beneh. Lan aku mung mesem banjur mapanake bokong, lungguh ing kursi sangarepe. Dheweke katon sansaya ngampet akeh pitakonan. Ketara lambene sansaya ngowoh lan dadi rada suda baguse, mung sethithik.
“Nyuwun pangapunten, Mas. Kula ndherek lenggah sekedhap angsal ta?”
Taktakoni ngono dheweke isih rada ngowoh lan mlongo lan durung gelem mangsuli. Wah, eman baguse tenan. Kenang apa kathik bingung barang? Mbok ya mangsuli, “Iya, ora apa-apa” ngono hlo, Mas! Batinku grundelan.
“Oh, nggih-nggih. Mangga kemawon.” Dheweke gelem wangsulan lan ngidini tenan. “Boten nembe repot napa, Mbak?” Pitakonane mung cekak.
“Nggih repot, wong sing dha jajan kathah ngaten kok. Nanging, kula kok ujug-ujug dadi pengin taken kalih njenengan nggih. Mpun kawan dinten niki kula-titeni, njenengan kok ajeg mriki tur mesthi pas yah ngeten. Kok boten tau mriki enjing napa dalu ngaten?”
“Nek esuk rak kula nggih nyambut damel ta. Hla nek dalu niku prekarane griya-kula tebih saking ngriki, Mbak. Nek wanci siyang ngaten niki rak jam rolasane kantor. Mung caket, wong kantore ten kidul pratelon kilen ngriku.”
“Ooo…, ngaten ta. Hla yen mriki kok ajeg tumbas es jus tomat tur kalih. Wong ya ora tau dientekke mawon kok dadak pesen kalih gelas.”
“Kula jane mpun nggagas kok, Mbak. Sampeyan mesthi mung arep nlesih prekara niki. Nggih, ta?”
“Mangke riyin. Niku prekara sing pundi?”
“Sampun ta, boten sah selak. Kula ngretos, wiwit kawan dinten kepengker sampeyan sengaja mendelengi kula ta? Sampeyan-sengguh kula niki wong anyar ta? Sampeyan mesthi karyawan anyar. Boten ngretos nek kula mpun langganan ten ngriki kalih taun ta?”
“Ooo…, ngaten. Nggih nyuwun ngapunten. Kula nembe seminggu tumut ten ngriki. Nanging, kula tetep ajeng taken. Kok njenengan ajeg milih lungguhan ten kursi ngriku niku?”
“Niki kenangankula, Mbak.”
“Hla kok ajeg pesen jus tomat?”
“Iku kenanganku. Kenangan nalika Rini isih neng jejerku. Kenangan lungguh karo Rini sing pungkasan.”
“Nuwun sewu, Rini niku sinten, Mas?”
“Calon bojo-kula.”
“Oh, nyuwun ngapunten, Mas. Nyuwun ngapunten saestu.”
“Boten napa-napa. Sedaya mpun klakon. Mpun tinakdir.”
“Pripun, Mas?”
“Mpun ginaris nek Rini kedah ndhisiki sowan Pangeran. Boten wonten sing kena disalahke. Rini ora tau blaka nek duwe lara kanker.”
“Eee…, kula ndherek bela-sungkawa, Mas. Nyuwun ngapunten yen mpun lancang.”
“Nggih, matur nuwun. Boten napa-napa kok. Eee…, sampeyan asmane sinten, Mbak?”
“Kula…, kula Rini…, Rini Musthikaningrum.”
“Heh! Rini?! Oh, eee…, nggih, nggih. Kula…, eee…, ahh, boten sah dhing. Boten penting mawon kok. ***

Tidak ada komentar: