Jumat, 24 Oktober 2008

CERITA CEKAK

Protes
Agni Nurjati

Rembulan abang njlarit mung sa-alise pesindhen gedhene, ing ndhuwur omahe Darmo. Lintange katon cilik-cilik, langite katon adoh muncit. Ketara yen isih mangsa ketiga. Angin sumribit saka kidul, ora ajeg, kadhang banter kadhang alon, nanging adhem banget.
Sepi. Ora keprungu panjerite lawa-kalong, kolik, utawa jangkrik. Mung kadhang kala keprungu pambaunge asu ajag saka kadohan. Sepi. Ora ana sliwere pawongan ing ratan ngarep omahe Darmo. Mung ana kucing peplayon ngoyak tikus berit, ora kanggo memangsan, sajake mung kanggo gojegan. Sepi. Ora keprungu tangise bayi, anake Darmo sing lagi umur telung lapan. Mung keprungu bengahe sapi ing kandhang wetan omah, pisan-pindho sero, bokmenawa njaluk kawin. Sepi. Ora katon brengose Pak Trimo, bapake Darmo, sing ajeg obah kaya lar kombang nalika priyayine ura-ura tetembangan ing ngarepan. Sepi. Sepi tenan. Darmo dhewe durung mecungul wiwit mau awan.
Rembulan malih rada putih lan isih panggah njlarit sa-alise pesindhen, ing kulon omahe Darmo. Kahanane isih durung beda. Panggah sepi kaya ora ana apa-apa. Kamangka sing katon magrong-magrong iki dudu omah suwung. Ana Pak Trimo, Darmo, bojone Darmo, bayine, sapine, kucinge, manuk kutute, lan isih wuwuh si Paijo lan Sanem pembantune.
Ana owah-owahan kahanan nalika ana mobil Nissan Terano ireng njedhul saka wetan lan mlebu plataran. Mesine durung mati nalika lawang sopiran menga lan ana pawongan lanang mudhun. Dudu tamu. Pawongan sing mudhun saka mobil iku Darmo. Mung dhewe, ora ana wong liya sing katon metu saka mobil sawise watara sepuluh menitan Darmo mlebu omah. Lan mesin Terano weton taun 2006 iku isih panggah nggereng.
“Gusti ora adil! Gusti pilih kasih! Gusti daksiya! Gusti daksiya!! Gusti daksiyaaaaa!!!”
Dumadakan kahanane malih rame. Ing jaba rada regeng dening swara mesin mobil. Ing jero gayeng banget dening pambengoke Darmo sing nelakake rasa cuwane, embuh apa jalarane, sing cetha gela lan protes marang Gustine, embuh sapa Gustine. Bisa uga jebule ora padha karo Gusti sing disembah tangga-teparone. Sebab, mung lagi dheweke sing kawetu ndakwa Gusti ora adil, pilih kasih, lan daksiya marang titahe. Tur, dadak nganggo mbengok kaya surake suporter bal-balan, sero banget. Kamangka wis kliwat jam sanga bengi. Cetha mbrebegi wong sing lagi mapan turu. Sedhenge sapine dhewe wae njenggirat kumudu mbedhal saka kandhang bareng krungu “dhemo”-ne Darmo.
“Aku ora trima, Gusti! Ing endi tandha tresnamu? Ing endi tandha asihmu? Aku kok-apusi! Aku protes, Gusti! Aku proteeesss!!!”
Dhuaaarrr! Lawang ngarep didhumpal sakayange. Protese Darmo wis nganggo acara ngrusak barang, memper suporter bal-balan tenan.
Glodhag…, glodhag…, pyaaarrr! Cendhela kaca ngarepan ambyar kebalang kursi. Mbebayani! Protese Darmo wis nganggo tindakan anarkhis!
“Aku ora trima bapakku lara! Dheweke ora nate nglarani aku, tansah nuruti kabeh penjalukku. Kenang apa bareng aku wis isa males budi, bareng aku genti arep nuruti kabeh pepenginane wong tuwa, bareng aku sugih bandha, bapak dadak kokwenehi lara? Apa ora cukup aku biyen sing lara? Wiwit cilik aku wis kokganjar lara, ora mung lara watuk utawa pilek, aku koktibani lara tumor, nganti sawah-tegale bapakku ludhes kadol kanggo ragad tetamba. Kenang apa saiki bareng aku wis isa bali sugih lemah, genti bapakku sing kokwenehi lelara? Kenang apa kudu lara kencing batu, diabetes, paru-paru, lan stroke? Aku ora trima!! Kowe ora welas-asih, Gusti!”
Bruuuuaakk! Krompyang…, klonthang…klonthang…klonthang. Piring lan gelas salemarine ambyar, remuk kabeh. Protese Darmo katone ora baen-baen. Trajange wis memper panjak jathilan sing kesurupan.
“Wong tuwa mung kari wancine ngrasakke urip ayem dimulyakke anak dadak kokgawe lara. Kurang apa pacobanmu marang aku? Simbok tekan patine mung merga ngenes mikirke uripku sing rekasa nalika semana. Bereng saiki klakon mbuktekke impene simbok, jebul genti bapak sing koksiksa. Aku ora trima!”
Senajan protese Darmo kepati-pati, nyatane ora kuwawa nggugah tangga kiwa-tengen sing padha angler. Ora ana sing katon teka, negesake prekarane. Kamangka wis ora kurang sero sambat-sebute Darmo. Wis ora kurang rame kahanane. Lan nyatane isih panggah durung ana sing katon maelu marang dhemo tunggal iku.
Lan Darmo isih mempeng mbacutake protese.
“Kebangeten timen. Anakku sing isih bayi abang kokpidana nganggo lara sing ora lumrahe bocah. Bocah umur telung sasi kok wis kena kanker. Kowe daksiya, Gusti!”
Swarane Darmo saya lirih. Dayane saya suda. Ora kuwawa ngimbangi kanepsone sing makantar-kantar, protes marang Gustine. Dheweke saiki katon nglesot ing jogan. Ragane katon lemes senajan mripate isih mengangah abang. Tangise wiwit keprungu. Ewadene, isih panggah durung ana wong sasijia sing teka tetulung. Lan katone Darmo dhewe uga ora butuh pitulungan. Ora ana tandha-tandha dheweke butuh ditulungi. Ora ana polah sing nuduhake yen dheweke butuh dikancani.
Senajan ijen tanpa dikancani bojone, anake, bapake, anake, apa dene Paijo lan Sanem, Darmo durung katon arep mungkasi acara protese.
“Ora welas timen, bojoku dadak kokwenehi lara lumpuh tanpa jalaran apa-apa. Ora welas timen, Paijo kokgawe rusak ginjele. Ora welas timen, Sanem kokgawe wuta, bisu, lan budheg. Aku ora trima, Gusti! Kowe ora adil!”
***
Srengenge anguk-anguk. Cahyane durung ngratani bumi. Nanging kahanane wis rame. Keprungu kluruke jago, petoke babon, ocehe thilang, lan tangise bayi sing kadhemen didusi.
Rame ing ngarep omahe Darmo. Katon ana wong loro kumpul ngebaki plataran. Ana sing katon nggegem bongkotan pring ori. Ana sing nggawa mori kebak oret-oretan mangsi. Pokoke rame, memper suporter bal-balan sing protes jalaran jagone kalah tandhing. Mung wong loro, Paijo lan Sanem. Lan rame banget.
“Darmo wis ora waras! Ibune lara malah mung disawang nganti mati. Darmo wis ora waras! Bapake lara ora ditulungi. Darmo wis ora waras! Anake lara malah dibuwang nyang kali. Darmo wis ora waras! Bojone lara ditinggal rabi. Darmo kudu dipidana, Gusti! Kudu dipidana! Kudu dipidana!!” Ngono aloke wong loro iku ing ngarep omahe Darmo. Ing ngarep omah gubug sing empyake wis pating pleyot, sing gendhenge wis padha mlorot, sing cagake wis pating plethot. Dudu omah gedhong magrong-magrong sing ana garasi kendharakan rodha-papate. ***

Tidak ada komentar: