Jumat, 24 Oktober 2008

CERITA CEKAK

Ora Bisa Mulih Maneh
Esha Dipa

Seminggu maneh riyaya, ngono batine Bambang. Kamangka, dheweke blas ora gableg dhuwit kanggo mulih. Kamangka, taun kepungkur dheweke wis ora mulih. Bambang bingung arep mulih apa ora. Yen sida mulih, ateges kudu golek utangan dhuwit, minimal cukup kanggo mbayar karcis bis klas ekonomi. Yen ora mulih, kamangka dheweke wis kangen banget karo wong omah. Tur, ing kene ora ana sedulur sasijia. Upama nekad ora mulih maneh lan ndhekem ing kontrakan, mesthine kijenan, sebab kanca-kancane telung kepungkur wis mulih kabeh. Upama nunut ing omahe kanca, mesthine isin yen mengko banjur ditakoni apa sebabe ora mulih. Kamangka yen blaka ora duwe dhuwit kanggo numpak bis, mesthine dheweke tambah kewirangan. Mula, wiwit telung jam kepungkur dheweke mung nyekukruk ing jero kamar, blas ora mingket.
Bambang mung lungguh slonjor ing ndhuwur dipan, sumendhe poncot tembok. Tangane sedhakep ngekep bantal. Sirahe ndhangak lan mripate ngener plafon. Sedhela-sedhela keprungu unjal ambegan landhung. Wangune kaya wong mikir prekara abot.
Ing ndhuwur meja ana figura cilik saka kayu pinus polos sing wis diiseni photo ukuran 10 R, photone Wulan, pacare, sing patang wulan kepungkur wis nikah karo Arif, lan kabare saiki Wulan wis ngandhut. Nganti seprene Bambang pancen isih nyimpen tresnane mung kanggo Wulan. Mula photo iku durung pindhah papane wiwit tanggal 22 Pebruari 2005. Nalika iku Wulan dhewe sing masang photone ing figura sing asli gaweane Bambang dhewe.
Pakulitane Wulan sing satemene putih, ing photo sing pinajang sandhuwur mejane Bambang dadi katon ora putih maneh. Ayune Wulan wis ketutup bledug. Bambang ora nate nyandhak lan ngresiki. Tur ora mung photone Wulan sing reged. Ing buri lawang ana clana-clana jeans lethek. Ana sing cumanthel, ana sing nglumbruk ing jobin. Ing ndhuwur kasur ana tumpukan klambi pirang-pirang, durung disetrika lan dilempit. Ing dhuwur meja ana rong asbak sing wis kebak tegesan rokok. Embuh pancen dhasare kemproh utawa mung lagi kesed. Nanging sing cetha, kamar kontrakane Bambang wis nuduhake marang sapa wae sing mlebu lan nyawang, menawa sing duwe kamar iku ora resikan.
Kaya dene dina iki, kudune dheweke duwe wektu kanggo nyapu jogan utawa nglempiti sandhangan, wong cetha dina minggu. Cetha libur, ora mlebu nyambut gawe. Minimal kober mbuwang tegesan saka asbak sing wis njalari sakamar wutuh mambu kecut. Ewa dene, wiwit tangi turu jam sepuluh esuk tekan saiki wis jam setengah telu sore, isih durung mudhun saka dipan.
Praupane katon kucem. Ora ana sumringahe saipit-ipita. Tur dhasare pancen durung kambon banyu babar-pisan. Lambene mingkem dhipet, ora katon eseme sethithika, kepara malah semu mecucu wiwit mau. Mripate katon isih semu abang lan isih bloboken. Meh patang jam mung meneng wae, blas ora kecap ora segu, ora noleh ora manthuk. Mung kethap-kethip mripate.
Bareng keprungu ana swara sepedha montor sing sajake mandheg ing ngarep omah kontrakane, Bambang lagi gelem nyingkrihake bantal sing dikekep, banjur krengkangan alon-alon mudhun saka dipan. Durung nganti ngadeg, wis keprungu ana wong uluk salam saka jaba.
“Kula nuwun.” Ketara swarane wong lanang.
“Ya. Ditunggu sedhela,” wangsulane Bambang sero saka jero kamar. Sajake wis apal karo swarane pawongan tamu iku.
Sawise mbukak lawang kamar, Bambang ora banjur tumuju ngarepan. “Mlebua, Gus. Tak raup dhisik.” Bambang banjur ngujlug menyang kolah.
Krungu pakone sing duwe omah supaya mlebu, tamu sing diundang ‘Gus’ mau ngengakake lawang ngarep sing pancen ora dikancing. Dheweke banjur mapanake awak, lungguh ing kursi dawa ruwang tamu, ngudhari tali sepatu, ndudut kasut saka sikil kekarone, diseselake ing sepatu, nyendhekake gegere ing kursi, lan merem. Katone kaya mentas lunga adoh lan ngampet kesel.
“Saka endi, Gus?” Bambang wis tekan ruwang tamu lan mbacutake takon, “Rupamu kok kucel kaya kumbahan. Bar nglidhig tekan endi wae?”
“Saka Semarang, njur mampir Magelang. Hla rupamu kok ya luwih semrawut kuwi, wiwit esuk lagi tangi iki mau apa? Pasa-pasa kok mung dimempengke olehe turu. Rumangsamu njur ana sing menehi dhuwit wong turu ngono apa piye? Dupeh pasa?!
“Gus, Agus. Dina minggu apa ya kudu mangkat menyang kantor?”
“Cah-cah liyane endi, kok sepi?”
“Wis dha mulih.”
“Hla kowe mulih kapan? Apa ora arep mulih meneh? Mbok mulih, Mbang. Wong nyambut gawe neng paran kok njur ora ulihan. Wis lali karo omah apa piye?”
“Lebaran taun wingi aku wis ora mulih je, Gus.”
“Hla mula! Mosok arep ora ketemu wong tuwa nganti rong taun?!”
“Ning, aku ora duwe dhuwit je.”
“Regane karcis bis saka Jogja tekan Malang kuwi pira?!”
“Paling-paling entek patangpuluh.”
“Geneya mung semono. Kok nganti ora duwe? Hla blanjanmu selawase iki kok-nggo apa ta? Wong saiki ya wis ora duwe pacar ta! Tuku apa wae, kok nganti patangpuluh ewu wae ora gableg?”
“Patangpuluh kuwi rak mung mulihe. Hla sing dinggo mangan sasuwene neng omah? Sing ditinggalke wong omah? Sing dinggo mangkat mrene meneh?”
“Alah! Pol-pole rak mung butuh rong-atus ewu ta!”
“Rong-atus ewu-a kuwi nek ora duwe tenan arep piye?”
“Hla iya! Kok nganti ora duwe kuwi sebabe apa? Gajege kowe rak ya nyambut gawe! Bayarmu ya kepetung wis gedhe. Neng kene mung urip dhewe. Ora direpoti sapa-sapa. Njur dhuwit kuwi nyang endi? Oleh THR barang ta, mesthine!”
“Entek, Gus. Blas ora nyekel tenan saiki. Hla mbok mung sewu ta, aku ora duwe tenan. Nek kowe duwe turahan, mbok aku disilihi.”
“Prekara nyilih kuwi urusane mengko. Sing penting, saiki dhuwitmu kuwi entek dinggo apa wae?”
“Taknggo nyaur utang.”
“Utang apa?”
“Utangku karo kantor.”
“Pira?”
“Pitung yuta. Lagi taksaur limang yuta.”
“Utang kanggo butuh apa?”
“Ya dhek jamane isih gandheng Wulan kae.”
“Heh! Oalah, Mbang, Bambang.” ***

Tidak ada komentar: