Aku Seneng Lesmana
Supadmi
Lagi jam wolu esuk, Mas Gandhung wis tekan omahku, karo menehi kabar sing marakake njenggirat, “Mengko bengi kowe sing kedhapuk dadi Sinta hlo, Sri.”
“Kok aku, Mas? Hla, njur dhapukane Mbak Ningsih apa?
“Ningsih pamit ora munggah bengi iki? Kandhane, Karno mlebu rumah sakit wiwit dhek mau bengi.”
Wadhuh. Piye carane endha yen ngene iki, batinku. “Mbok aja aku ta, Mas. Mbak Sulis wae,” jawabku karo nyablek lengene Mas Gandhung.
“Sulis pentas dhewe neng hotel Garuda.”
Wadhuh. Sapa ya sing kira-kira lodhang. “Mbak Dewi?”
Mas Gandhung noleh aku. Dheweke mesem, nanging mung sedhela lan banjur mangsuli, “Ora kepenak ah, yen dadakan ngene iki. Wis kowe wae.”
“Wadhuuuh. Mosok kudu aku ta, Mas? Mengko nek elek piye? Aja ya. Golek sapa ngono hlo, Mas. Penari pirang-pirang kok golek siji wae kangelan. Aja aku tenan, hlo!”
“Yen penarine ngono pancen akeh. Ning, sing gelem dijawab dadakan kuwi sing angel. Prekarane, wektune mung kari awan iki.”
“Geneya sampeyan ngandhani aku ya dadakan!”
“Hla wong Ningsih ngabari aku ya lagi esuk mau kok. Apa ya aku ngreti nek bojone lara!”
“Salahe, kenang apa Mas Karno dadak lara barang!”
“Heh! Kowe kuwi genah apa ora? Wong lara kok katut disalahke. Kowe gelem nggenteni larane Karno apa piye? Wong kok aneh!”
“Lara apa ta? Mosok ora kena ditinggal sedhela? Pentase paling suwe rak mung rong jam. Mbok dikon nunggokke sapa sedhela, ben Mbak Ningsih isa mangkat mengko bengi, ngono hlo, Mas.”
“Kok njur olehe kepenak. Kuwi rak nalarmu! nalare wong durung duwe bojo. Beda yen karo sing wis omah-omah. Bojo lagi lara kok njur arep ditinggal pentas ngono wae. Arepa mung masuk angin kae, ya ora njur ditinggal lunga kaya nalarmu kuwi.”
“Terus mengko bengi sidane piye, Mas?”
“Kok takon meneh ta! Hla wong wis genah Ningsih pamit, Sulis pentas dhewe, Dewi, aku sing ora wani nembung. Genah ta!”
“Ya liyane ta, Mas. Please.”
“Ngeyel! Embuh ah. Pokoke gelem ora gelem, mengko bengi Sintane kowe, deal.” Mas Gandhung banjur ngadeg lan mlaku metu. Aku nututi lan ngetutake mlaku ing burine. Tekan latar, mbukak lawang mobil, durung sida mlebu, Mas Gandhung noleh aku. “Mengko sing nggenepi dhapukan putri taman takgolekke cah-cah kidul,” kandhane karo nutup lawang mobil.
Aku isih ngadeg, durung mingket saka latar, nganti Avansa-ne Mas Gandhung menggok ing pratelon wetan omah.
***
“Piye, Dhik Sri? Jare kowe sing nggenteni aku pentas neng Prambanan dhek kemis wingi. Gampang ta? Minggu ngarep Sintane kowe meneh wae, Dhik. Aku durung isa mangkat tenan. Hla piye, wong Mas Karno durung oleh digawa mulih je.”
“Jane aku emoh tenan, Mbak, nek dikon dadi Sinta. Pilih melu rampak putri taman wae.”
“Hla piye ta? Ana sing ora ngolehke apa piye? Pacarmu cemburu nek kowe dadi Sinta? Samar nek dinakali Ramane apa Rahwanane?” Mbak Ningsih mesam-mesem rumangsa ngreti prekaraku.
“Pacar sing endi ta, Mbak? Dudu kok. Anu…,” wangsulanku ora rampung.
“Sing anu kuwi apane? Anune sapa hayo?” Mbak Ningsih nganti gumuyu rada sero, rumangsa klakon nggodha lan mbebingung aku.
“Aja-aja kowe seneng karo Wisnu? Wingi sing dadi Rama dheweke ta? Ora sah isin. Kaya karo sapa wae ta, kowe kuwi. Malah kepeneran nek njur sambung karo Wisnu. Wong bocahe ya bagus, tur isih dhewe.”
“Ora kok, Mbak. Sumpah. Ora tenan.”
“Nek iya ya ora apa-apa, kok dadak nganggo sumpah barang. Hla nek dudu kuwi prekarane, njur sebab apa kok kowe emoh didhapuk dadi Sinta?”
“Eemmm, anu, Mbak, … eee…,”
“Wiwit mau kok ona-anu ora cetha kaya wangsulane bocah ditari rabi. Nek jamane aku ditari rabi karo Mas Karno kae ora dadak nganggo ona-anu, langsung hooh ngono je.”
“Piye ya, Mbak? Aku isin je, yen arep blaka karo sampeyan.”
“Apa kowe emoh dibopong Rahwana? Utawa ora betah mambu kringete? Rahwanane Dhik Sunu ta? Hayo, takkandhakke apa kandha dhewe?
“Ora kok Mbak. Ora apa-apa kok. Dudu kuwi.”
“Hla njur prekarane apa?”
“Takkandhani, ning aja dikandhakke Mas Gandhung utawa kanca-kanca liyane ya, Mbak.”
“Dadak nganggo rahasia barang. Kaya apa wae, Dhik. Iki nganggo sogokan pirang yuta?
“Ora gojek ta. Tenan hlo, Mbak. Ora sah dikandhakke sapa-sapa ya. Please. Okey!?”
“Hiya-iya! Takjamin ora bocor. Upama bocor paling-paling ya mung sethithik, hihihi….”
“Aja! Aku isin tenan nek nganti padha ngreti. Ora sida takcritani hlo, nek sampeyan ora janji.”
“Oalah, Dhik Sri. Precayaa ta. Aman nek karo aku kuwi. Ra sah kuwatir. Beres.”
“Tenan, hlo! Anu, Mbak. Aku nek didhapuk dadi Sinta kuwi jane isin karo Supri.”
“Supri sing dadi Lesmana?”
“Hooh, Mbak.”
“Sebabe?”
“Aku seneng dheweke.”
“Oooo…, ngono ta.” ***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar