GEGURITAN: Karya Sastra Jawa Modhern (2)
Sugito HS
Sadurunge mbacutke rembugan bab unsur-unsur puisi, luwih dhisik aku arep nglairke pangajab. Nalika miwiti nulis (perangan 1) rong minggu kepungkur, tuwuh pangajab kanthi caraku nulis sing ora ngugemi konvensi, bisa asung stimulus marang para kanca supaya timbul daya kritis-e. Yen wis ngono, temtune banjur bakal ana proses dialog sing gayeng kanggo sarana nemokake dudutan sing gamblang. Iku niyatku. Pangajabku.
Aku bisa dadi fasilitator, motivator, lan supervisor. Anaa sing takon, “guru” lan “laghu” sing taktulis ing ndhuwur iku padha apa ora karo gurulagu sing katulis ing ngisor. Anaa sing mbantah menawa sing taktulis iku salah. Anaa pratela kendel aweh penemu pribadi sing kena kanggo bebakalan diskusi karo kanca liyane.
Ganti rembugan. Saiki mbacutake sinau bab unsur-unsur puisi. Kawiwitan saka sing paling katon, yaiku swara (aspek bunyi). Rerangkene aksara ing teks guritan ora mung bisa ditegesi yen wis wujud tembung. Kepara, saben lambang sing katulis duwe ayahan aweh kaendahan (fungsi estetis). Swara-swara harmonis sing lair saka purwakanthi guru swara mesthi bisa mbantu para nupiksa kanggo nemokake swasana imajinasi-ne guritan. Swara-swara endah sing cinipta dening purwakanthi guru sastra bisa nggeret apresiator mlebu ing donya rerekane guritan. Tandha pitakon (?), tandha (!), lan lambang-lambang liyane, bisa ndayani anane munggah lan mudhune intonasi, sero-lirihe swara, cepet-alone tempo, kendho-kencenge emosi, lan isih akeh maneh liyane. Anane purwakanthi lumaksita uga bisa aweh tandha marang pamaca, apa wae sing ditandheske ing guritan iku (fungsi aksentuasi). Dayane swara-swara sing timbul ing guritan iku uga mbantu nemtokake sigegan sing becik (fungsi spasial). Iki mung tuladha lho. Dudu konvensi.
Perangan bacute yaiku aspek spasial. Wujud wadhage sing kena disawang, kaprah disebut tipografi. Yen ing tembang cetha, tipografi iku timbul kaprabawan dayane paugeran. Kosokbaline, yen geguritan sing nemtokake ora liya kejaba pengarange. Mesthine, tipografi iku ora lair prucut ngono wae. Nanging, ndadak nganggo dipikir, diangen-angen, kontemplasi, nganti nemu wujud sing duwe nyawa (mengku teges). Perangan iki sing butuh kawigatene apresiator supaya dijingglengi tenan. Pamrihe, bisa negesi surasane geguritan luwih becik lan jangkep tinimbang pangriptane.
Saiki tekan perangan medium pokok, yaiku aspek kebahasaan. Negesi lambang-lambang ing guritan minangka perangane basa, ora cukup sangu bausastra. Sebab, ora mung ngoyak teges denotatif leksikal (tekstual meaning). Nanging, kudu tekan teges konotatif (authorial meaning). Sangune ora mung semantik, ning uga semiotik. Ditlusur saka dalan heruistik, banjur tekan hermeunitik. Kejaba kuwi, sintaksis bakal kalah dening licentia gramatical. Paramasastra ora duwe kuwasa milah bener lan salah tumrape basa. Uga kudu waspada, ana licentia poitica. Ing kene kawegigane penggurit ditantang lan ditodhi. Sangu majas (simile, personifikasi, sinekdoke, metafora, metonimi), dheweke kudu bisa mujudke displacing. Kanthi sarana ambiguitas, kontradiksi, lan nonsens, kudu mujudke distorting. Kanthi daya linuwihe, kudu mujudke creating of meaning.
Yen wis njerengi isi, ora bakal bisa ninggal aspek pengujaran. Sepisan, yaiku sapa sing crita ing guritan (subjek pengujaran). Bisa asipat intern, bisa uga ekstern. Tegese, bisa katut ing njeron crita (aku liris), bisa uga ora: ing sanjabane crita. Kapindho, yaiku apa sing dicritakke marang apresiator (obyek pengujaran): sapa paragane (subjek ujaran), apa prekarane (tema), malah sok-sok uga tinulis ing ngendi papane (latar tempat) lan kapan kedadene (latar waktu) barang. Paraga (subjek ujaran) ora tamtu wujud manungsa. Nanging bisa kewan, tetuwuhan, swasana, utawa malah liyane.
Atur pungkasanku ing kalodhangan iki: ayo sinau. Mung kanggo gegaran maca geguritan wae jebul akeh sing durung kober kecandhak. Apamaneh garane wong nulis, mesthi kudu luwih akeh. Senajan mung maca, kanyata yen ora dikulinakke jebul njalari lara. Kabeh pakaryan sajake bakal ora nuwuhake sambat lan rekasa, yen pawitan kulina. Mung nyinau gaya bahasa wae ora cukup seprapat tamat. Kuwi durung dikon ngandharke bedane karo majas. Akeh buku, akeh kanca, iku wis cukup kanggo miwiti miyak wingite donya. Nuwun. Sugeng sinau.
Yogyakarta, Mei 2007
Tidak ada komentar:
Posting Komentar