Rabu, 15 Juli 2009

ARTIKEL

GEGURITAN: Karya Sastra Jawa Modhern (1)
Sugito HS


I. Sethithik Ngenani Sejarah “Puisi” ing Kasusastran Jawa
Wiwit periode kasusastran Jawa Kuna, jinis puisi (karya sastra sing kaiket dening tatanan gumathok) iku wis ana. Kacihna, Kakawin Ramayana ditulis udakara ing taun 930 M (abad X). Kakawin (puisi Jawa Kuna) iku cirine saben sapada ana patang gatra; saben gatra wandane padha; lan ana pathokan guru lan laghu-ne. Budaya nulis kakawin surut lan ilang mbarengi ambruke Majapait ing abad XIV.

Sabanjure, ing jaman kasusastran Jawa Pertengahan ana puisi terikat, jenenge kidung, sing duwe pathokan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Sasurute Majapait, kidung ngrembaka ing kabudayan Hindu Bali. Dene ing pulo Jawa mbarengi madege Demak, timbul macapat sing uga tetep nganggo pathokan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging mawa basa Jawa Anyar.

Ing wiwitan abad XIX timbul maneh puisi terikat, diarani guritan utawa geguritan, saka tembung kawi (Jawa Kuna) “gurit” sing tegese kidung utawa tembang. Mula-bukane, guritan duwe pathokan saben gatra isine wolung wanda, kanthi guru lagu saben gatrane padha, lan mesthi kawiwitan kanthi frasa: sun nggegurit. Sadurunge iku, satemene R. Intojo, Subagijo IN, lan sawetara pengarang wis nyoba nulis soneta mawa basa Jawa. Senajan isih wujud puisi terikat (soneta), nanging iku dianggep pioneer geguritan modhern. Mbarengi thukule guritan soneta, ing taun 1941 ana puisi bebas sing kamot ing kalawarti Swara Tama, sesirah Nyata, penulise anonim.

Nyata
Kabeh janma, ngakune seneng “sanyata”.
Angger aja tumama slira priyangga.
“Kae ngana, kae ngene, kandhakna apa nyatane”.
Nanging … poma. Wekase si Swara Tama!
Aja nggepok “nyatane”, kanca micara,
Sebab kebak wadi lan bebaya.

Sejatine mung thithik cacahing janma, Kang kuwat anandhang “nyata”.
Nyatane angga priyangga, iku mula,
Banget pait, banget getir, banget lara!

Tumprape masarakat, jebul guritan (puisi bebas) kayadene Nyata iku luwih disenengi, bokmenawa luwih ekspresif, tinimbang guritan soneta. Mesthi wae para penulis uga banjur ngladeni karepe masarakat. Mula guritan sing ateges puisi bebaS ing wektu bacute saya ngrembaka tekan seprene. Jumbuh karo kasunyatan iku, definisi guritan ing kasusastran Jawa Modhern dudu sing kaiket tatanan gumathok, nanging klebu sing manasuka (bebas).

II. Nyoba Nggrayangi Tegese Geguritan
Ing bab iki ayo sepakat negesi yen istilah guritan iku sadrajad karo puisi. Pamrihe mung supaya luwih akeh sumber sing kena dinggo pancadan mlebu ing donyane guritan. Awit durung anane referensi mligi bab definisi guritan, mula becike nunut nganguk definisi puisi, senajan nganti seprene durung ana definisi mutlak puisi, lan kudune pancen ora bakal ana. Eling-eling, sing jenenge kabudayan iku fitrahe pancen dinamis, tansah owah-gingsir; mulur-mungkret, manut jaman kelakone.

Samuel TC ngandharake yen puisi iku mujudake tetembungan sing paling endah kanthi tatanan sing paling becik. Carlyle kandha, puisi iku asil pikiran sing asipat musikal. Ujare Dunton, puisi iku asil pikiran sing konkret lan artistik kanthi basa sing emosional lan wiramane cetha. Ora perlu didudut, sawetara panemu Iku mau mung cukup kanggo mbukak nalare awake dhewe, lan ayo nyoba gawe definisi dhewe.

Tumrap kawruh kasusastran (poetika), satemene mung ana istilah puisi. Lire, puisi iku ateges karya sastra, apa wae, embuh kuwi diarani prosa apa diarani puisi. Pancen antarane prosa lan puisi iku mung kacek ing undha-usuk. Kaprahe, yen puisi iku asipat padhet (ekspresif lan liris), lha yen prosa mapan ing ngisore: luwih ora padhet (epis lan naratif). Nanging, kanyata uga ana puisi sing prosais (ngandhar-andhar), lan prosa sing puitis (apa butuhe). Puisi katelah ekspresi kreatif (gawe), dene prosa iku ekspresi konstruktif (nata). Sing tansah nemplek lan pinangka titikane puisi lumprahe mapan ing basa kang sinamun; teges kang ora mlaha, kanthi cara displacing (ngganti teges), distorting (nggesehake teges), lan creating of meaning (gawe teges anyar).

III. Nyoba Njingglengi Estetika Puisi
Disawang wujud wadhage, puisi bisa diarani endah manut tipografi-ne. Saka swarane, endah lan ora gumantung purwakanthine (persajakan, aliterasi, asonansi), daya-sastrane (kiasan bunyi, lambang rasa, lan orkestrasi), basa rinengga (diksi), lan basa entar (kiasan).

Kanggo nggambarake swasana sing sem, nges, lan nyenengake nggunakake kombinasi swara endah lan arum/efoni (euphony). Swara vokal, swara voiced, likuida, aspiran, palatal, lan nasal bisa ngasilake kolaborasi sing becik (efoni). Gambaran swasana mawut, ora nyenengake, lan sapiturute bisa nganggo kombinasi swara-swara kakofoni (cacophony).

Tetembungan ing puisi ora padha karo tetembungan ing kamus. Tetembungane para penggurit iku tembung-tembung sing duwe nyawa. Kawruh bab tetembungan sing duwe nyawa/jiwa diarani stilistika, kanthi tata basa stilistika. Dene kawruh tetembungan sing umum iku diarani leksikologi, kanthi paramasastra normatif.

Lha,saiki yen katrangan sing luwih jangkep bab unsur-unsur estetika puisi iku mau, ayo padha miyaki buku, takon sapa-sapa, lan rembugan bareng kanthi sareh, supaya pakoleh. Sing gedhe pangapurane yen tulisan iki ora ngugemi tatanan sing becik, wong pancen ya mung sagaduking kawruhku. Cethane tulisan iki sari-sari saka pirang-pirang wacan sing nate taktuku, taksilih, kepara takcolong saka toko buku lan perpustakaan. Wusana, SUGENG SINAU. Nuwun.

Kalongan, Mei 2007

Tidak ada komentar: