GURIT TAN PININDHA
Dhian Fitawati
Kapindhakake baskara, nanging ya mung geni kang metik,
Sithik
Tan wurung, panggah ora dadi padhange
Padhange duhkita lamun amung sawetara
Aku meksa durung trima, nanging
Aku ya ora arep sujana
Kapindhakake sitaresmi ing madya ratri
Sajake ya ngayawara
Temah ora gawe bungahing nala
Aku ora njaluk kembang gula, uga
Ora butuh pangalembana
Siji kang prelu kokngreteni
Ati iki tuhu atining wanita
Tan prayoga kokcidra
kokpilara tan pinindha
Jogja, Nopember 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar