Sabtu, 11 Juli 2009

GEGURITAN

GURIT LUNGID
Sinar Indrakrisnawan


Rai pucet ing cendhela
mbuntut wiwit subuh tinabuh

Kabeh tan pinungkas

Nyawa
: tepak nggarit ing telenging ati
Tangan
: driji geter nyaput gurit lungid
Mata
: waspa kumembeng jroning kalbu

Rai pucet ing cendhela
mbuntut wiwit subuh tinabuh

Tanganku lumpuh
Angluh.


Jogja, Pebruari 2007

Tidak ada komentar: