BINGUNG GOLEK KEBLAT?
Sugito HS
Seminggu kepungkur aku nulis ing kene, nyenggol prekara keblat. Eee, hla kok ndilalah banjur ana kabar kedaden ing Sleman ngenani bener lan lupute keblat. Ora prelu tak-andharake ing kene, mesthine panjenengan wis ngreti dhewe. Upama dadak takterangake, mengko malah dikira aku nggedekake prekara. Senajan satemene iku pancen, mungguhku, dudu prekara sepele.
Sanalika, sawise ana kabar ngenani keblat iku, akeh komentar sing sumebar ing internet. Ana sing semune ora setuju tur rada karo nesu. Ana sing manggon ing tengah, semune aweh kawicaksanan. Ana sing malah medhar sabda kaya dene lumrahe wong tuwa nuturi anake.
Nalika aku jajan ing warung burjo (bubur kacang ijo), jebul ya ana sing lagi gayeng ngrembug bab keblat mau. Aku ganti jajan ing angkringan, jebul ya ana sing kober rembugan prekara kuwi. Durung ganti dina, aku ketemu kanca, sawijining dosen ing perguruan tinggi negeri, jebul kok ya isih duwe wektu kanggo ngrasani kabar “rebut bener” keblat. Tumrap aku, kanyatan iki wis cukup kanggo bukti menawa keblat iku tetela prekara sing wigati.
Gandheng wigati, mula bakal takbacutake anggonku nyenggol, njawil, njiwit, lan ndumuk bab keblat ing tulisanku dina iki.
Sangretiku, keblat iku cacahe ana papat: wetan, kidul, kulon, lan lor. Eh, wolu dhing. Isih ana kidul-wetan, kidul-kulon, lor-kulon, lan lor-wetan. Wah, jebul malah sepuluh. Hla isih ana ngisor lan ndhuwur. Hladalah, tenan ta! Iki prekara sing wigati. Hayo, sing bener sing endi? Keblat kuwi ana papat apa wolu? Tenane hlo! Wolu apa sepuluh? Ah, tenane! Ora gojeg hlo.
Wingi ana kancaku sing kandha, “Gandheng golek slamet, keblatku manut sing takon wae. Yen sing nakoni keblate ngulon, takjawab keblatku kulon. Yen sing nakoni keblate ngetan, becike aku ngaku keblatku ya wetan. Sing penting aman.”
Piye coba? Nalare kancaku iki rak wis ora genah ta! Piye dadine yen jebule wong sa-Jogja nalare wis malih kaya kancaku kuwi. Rak malah ruwet ta! Ora beda karo nalika pilihan lurah kae. Yen ditakoni si A, “Sampeyan arep milih sapa?” jawabe, “Milih jagone njengengan”. Bareng ketemu si B, diulungi atusan ewon lan ditakoni milih sapa, wangsulane wis owah. Ora wurung sesuk yen wis tekan wancine pemilu, kasus kaya ngene iki mesthi rame maneh.
Arep diarani ora duwe keblat, nyatane duwe. Diarani kakehan keblat, nyatane yen saben ngaku cetha keblate mung siji. Lamun disengguh bingung golek keblat, nyatane uripe ayem-ayem wae kok. Ora bingung babar pisan kok. Piye coba? Bingung dhewe ta!
Ana sing kepati-pati nulad lekase si Kae, si Kuwi, si Kana, utawa liyane. Dianggep iku sing paling bener, banjur didadekake minangka keblat. Bareng sing ditulad mau salin srengat sethithik wae, dikuya-kuya, diundamana, disengiti, didohi, sebab dianggep wis kelangan keblat. Kamangka, wiwitane sing mundhi-mundhi sapa? Rak ya awake dhewe ta! Bareng ora jumbuh karo karepe kok sing diluputake wong liya. Kok malah ora genah sapa sing dadi keblat lan sapa sing ndadekake keblat. Wehla, tekan endi ta iki? Wadhuh, malah omonganku kok pating blangsur ora genah keblate. Hahaha…, malah konangan yen keblatku jebul ya ora cetha.
Nanging ngene, yen manut penemuku, keblat iku dudu wetan, dudu kidul, dudu kulon, uga dudu lor. Keblat iku dudu kidul-wetan, kidul-kulon, lor-kulon, lan lor-wetan. Apa maneh ngisor utawa dhuwur.
Keblat iku enering pandulu: enering pandulu sing kuwawa nglekasi laku. Tegese, keblat iku lair saka pamawasing netra lan batin sing kuwawa ngobahake sikil kanggo jumangkah maju nurut dalan sing tetela padhang, tumuju ing papan sing jembar kanggo nyebar winih kabecikan lan pepuntone nuwuhake katentreman.
Iku penemuku dhewe. Yen panjenengan duwe penemu sing beda, sumangga kersa. Sing penting aku lan panjenengan isih tetep dadi sedulur, tansah akur wiwit uripe isih mlarat nganti tekan klakon makmur, ing nalika pikire padhang apa dene nedhenge kuwur. Awake dhewe pancen sedulur lan bakal tansah dadi sedulur.
2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar