Rabu, 08 Juli 2009

SEKAR TENGAHAN

SEKAR TENGAHAN PAMIWALTUNG
Sumaryono

PANGRERIPIH


lamun angrasa
sakehing ribed bendu
sansaya abot nindhihi
angga rusak ketaman reroga
kagubed pepeteng
ginubel ruhara
praharaning wong lumaku
nyandhet amemangu
ngreruntik wardaya

saya andadra
nandhes tumekeng balung
bayu-otote nglolosi
lungkrah-lesu emeng nyambut karya
mula sabisane
ngupaya-a marga
bangkita mangulah kalbu
kanthi niyat estu
mangun luhur budya

aywa angrasa
bisa mbengkas reretu
reregeding aji dhiri
tanpa adrenging krenteg jiwangga
lah iku becike
padha wigatekna
tan piguna ngumbar pikir bingung
malah mangkin kuwur
temah lampus rasa

titah cinipta
ginaris Gusti tuhu
abang-biru denlakoni
ireng-putih ingkang linampahan
pancen wus wajibe
datan bisa endha
mokal selawase tatu
sebab kabeh iku
yekti wus tinata

2008

Tidak ada komentar: