ING ENDI PAPANE RASA?
Sugito HS
aku ora arep takon
uga ora butuh wangsulan
wong nyatane, mripatku wis weruh dhewe
geger-geger sing jejer mungkur
babar pisan tanpa keguh ing sapa-aruh
aku ora duwe karep mada
tur ya pedah apa kulak dosa
nanging nyatane, aku nemahi dhewe
ana dhayuh kok ora duwe subasita
nganti tegel ora noleh nalika sing duwe omah teka
guritku iki dudu guritan gela
gela ya mundhak apa, mundhak selak tuwa
selagine sing gawe gela wae ora rumangsa
lagi iki aku manoni, ujare isin kok wani-wani
ora idhep wayah, papan, apa maneh panyawange liyan
arepa wong lanang apa ya ora oleh nangis
jarik sing taksampirke ngarepan jebul dinggo lemek
surjan sing takcanthelke buri lawang kanggo amping-ampingan
iketku dibuwang neng longan
mangka diweruhi wong pirang-pirang
banjur kabeh padha alok, padha mbengok
omahku ketekan dhayuh lanang-wedok
sing lanang ngelus pupu, sing wadon memelas ngrayu
neng kursi ruang tamu kekarone ngumbar nepsu
weruh yen aku mlebu ora mlayu malah ngguya-ngguyu
Jogja, 2006
Tidak ada komentar:
Posting Komentar