Kamis, 09 Juli 2009

GEGURITAN

ING GURITAN IKI AKU TITIP MULYA
Sugito HS

Kadang,
biyen mulane, 'kacar-kucur'
: wong liya dadi sedulur

kacang kawak dhele kawak
kang koksebar saiki wis thukul
jagung kawak beras kawak
wis ngrembuyung mantesi lurung

lurung kang nyimpen primpen
tilas tapak-tapak gubrat getih;
esem lan guyu tuwa
-lelakone para jejaka-

jejaka sekadang kang bareng angon
gegadhangan ing keblat papat
nyangking impen-impen wasiat
manggul donga-donga keramat

Kadang,
iki dina wis tekan dlanggung catur
mung bisa maju tan bisa mundur

iki dina dalanmu wis tinamtu
bacutna lakumu
gayuhen impenmu

Kadang,
ing kana ana pelem pretangga jiwa
ing kana ana jambu dipa nirmala
ing kana sega wadhang ora ana


Jogja, 2006

Tidak ada komentar: