DURUNG KASIL
Sugito HS
pendhak-pendhak mung kembang pelem sing mbagekake
wong lanang iku mung preduli marang piringe
wong wadon iku mung maelu marang bojone
tekamu tanpa digape
slametmu ora nuwuhke sokure
wis binadhe dhompetmu ora ana dhuwite
mandhega lungguha ngasoa sareha
ndhingkluka noleha ndhangaka
kadangmu tanggamu kancamu padha
nrimaa legaa manthuka
desa papan nyimpen angen-angen
ngampet klingsir ngorong njarem
kutha gudhange pemarem
seneng sengsem
lanang-wadon iku lawas kesrakate
gangsarmu tansah didongakake
asilmu dadi pangruwate
mulihmu wis gawe cuwane
budhalmu mesthi disengkakake
saben-saben mung pentil pelem sing ngutapake
Jogja, Oktober 2007
Tidak ada komentar:
Posting Komentar