Sabtu, 11 Juli 2009

GEGURITAN

MARANG PARA SARJANA
Sugito HS


mesthine kowe durung lali
lemah iki sing nggembol kakang kawah adhi ari-ari
lemah garing sadawane mangsa gilir-gumanti
kekejer tanpa luh ngrantu tekaning janji

tilingna! tangise durung mendha
nggogrogke gegodhong melu nelangsa
mesthine padha gela cuwa lara
gegadhangane teka tanpa nyangking apa-apa

kudune kowe isin wirang
saben endhang kledhang-kledhang tanpa cangkingan

dheweke mung butuh dipaelu
ora nagih wales budimu

saben rendheng parine gabug
pendhak ketiga panen bledug
dheweke welas sedhih nggrantes
bapak ibu tangga sedulurmu ngenes

mumpung kowe teles
kawruhmu wis teges
noleha mburi matega aji
mbengkas sangga-runggi miyak jati dhiri
sentosa ndhadha asung karya
iki darma!


Jogja, Oktober 2007

Tidak ada komentar: